Ulama Minangkabau
Ulama Minangkabau ngrujuk dhateng para winasis agami Islam ingkang ageng utawi asalipun saking Minangkabau. Ulama-ulama kasebat sampun paring prabawa ing manéka warni prastawa sajarah perkembangan Islam ing Nuswantara lan mliginipun ing Sumatra Kilen.
Sajarah
[besut | besut sumber]Wekdal kapan lan saking pundi mlebetipun Islam ing Sumatra Kilen taksih dados perdebatan para winasis sajarah. Wonten indhikasi bilih gisiking sagara sisih wétan Sumatra sampun dipundhatengi saudagar-saudagar Islam wiwit abad kaping 7.,[1] bilih ing satunggaling kronik Cina Xin Tangshu nyebataken bilih ing taun 675 tiyang Ta-Shih (Arab) sampun gadhah perkampungan ing gisiking sagara sisih kilèn Sumatra.[2] Pihak ingkang gadhah pamanggih bilih Islam mlebet dhateng Minangkabau saking gisiking sagara sisih wétan Sumatra saking wewengkon Siak, bilih pamanggih sanèsipun ingkang saking gisik sagara kilèn Sumatra gadhah pangira-ira manawi Islam mlebet saking Acèh.[3] Budayawan A.A. Navis gadhah pamanggih bilih Islam sampun mlebet saking Acèh wiwit abad ke-8.[4] Para geografer muslim abad ke-9 lan 10, kados Ibnu Khurdadzbih lan Al Biruni, sampun nyerat bilih Sumatra (ingkang dipunsebat Zabaj) punika pérangan rute perdagangan tiyang Arab dhateng Cina.[5] Pengelana Venesia Marco Polo (1292)[6][7] ingkang mampir ing Sumatra nyerat bilih kang ndunungi pedalaman limrahipun taksih dèrèng mlebet agami Islam, lan pangelana Maroko Ibnu Batutah (1345)[7] nedahaken bilih Madahab Sapingi sampun dipunpraktekaken déning padumung Pasai. Pengelana Portugis Tomé Pires (1512-1515) paring pamanggih bilih namung wonten satunggal "tiga raja Minangkabau" ingkang ing wekdal samanten mlebet agami Islam.[8]
Salah satunggaling ulama misuwur kapisan saking Minangkabau inggih punika Syekh Burhanuddin (1646-1692), ingkang dados pelopor panyebaran Islam ing laladan Karajan Pagaruyung.[9][10]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Djokosurjo (2001). Agama dan Owah-owahan Sosial: Studi antara Islam, Masarakat dan Struktur Sosial-Pulitik di Indonésia. LKPSM, Yogyakarta. kc. 148. ISBN 9798867092, 9789798867095.
- ↑ Tjandrasasmita, Uka (2009). Arkéologi Islam Nusantara. Kepustakaan Populer Gramedia. kc. 72–73. Dibukak ing 28 Juni 2013.
- ↑ Zakariya, Hafiz (2006). Islamic Reform in Colonial Malaya: Shaykh Tahir Jalaluddin and Sayyid Shaykh Al-Hadi. ProQuest. kc. 118. 054286357X, 9780542863578. Dibukak ing 28 Juni 2013.
- ↑ Navis, A.A. (1984). Alam Terkembang Jadi Guru: Adat dan Kebudayaan Minangkabau, PT Grafiti Pers, Jakarta. Hlm. 24-26.
- ↑ Tagliacozzo, Eric (2009). Southeast Asia and the Middle East: Islam, Movement, and the Longue Durée. NUS Press. kc. 29–30. 9971694247, 9789971694241. Dibukak ing 28 Juni 2013.
- ↑ Freeman-Grenville, G.S.P.; Stuart C. Munro-Hay (2006). Islam: An Illustrated History. Continuum. kc. 235. ISBN 1441165339, 9781441165336. Dibukak ing 28 Juni 2013.
- ↑ a b Lapidus, Ira M. (2002). A History of Islamic Societies. Cambridge University Press. kc. 384. ISBN 0521779332, 9780521779333. Dibukak ing 28 Juni 2013.
- ↑ Graves, Elizabeth E. (2007). Asal-Usul Elite Minangkabau Modern: Respons Terhadap Kolonial Nèderlan Abad XIX/XX. Yayasan Obor Indonésia. kc. 46. ISBN 9794616613, 9789794616611. Dibukak ing 26 Juni 2013.
- ↑ Tuanku Mudo, Duski Samad (17 Juli 2012). "Perjalanan Syekh Burhanuddin Ulakan". Sumbar Online. Diarsip saka sing asli ing 2012-11-03. Dibukak ing 1 Juni 2013.
- ↑ Boestami, dkk. (1981). Aspek Arkéologi Islam Tentang Makam dan Surau Syekh Burhanuddin Ulakan, Proyek Pemugaran dan Pemeliharaan Peninggalan Sajarah dan Purbakala Sumatera Barat, Padang. Hlm. 20.