Terapi oksigén

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
tabung oksigen kanggo nyelam

Terapi oksigén ya iku salah sawijining kagiyatan médhis kang nglebokaké oksigén migunakaké piranti mèdhis.[1] Kagiyatan terapi oksigén nduwèni ancas supaya oksigén kang ana ing sajroning awak manungsa bisa cukup lan fungsi organ-organ kang ana ing njero awak manungsa bisa mlaku kanthi lancar. terapi oksigén bisa digunakaké kanggo darah rendah, toksisiras karbon monoksida, mumet, lan bisa kanggo anestesi inhalasi.[2] oksigén dibutuhaké déning mitokondria supaya bisa ngasilaké ènergi. Nanging, sadurungè oksigén kuwi mau mlku tekan mitokondria, oksigén kudu ngliwati organ-organ manungsa liyané, kayata alveolus, pambuluh nadi, pambuluh kapiler, lan interstitium. oksigén digunakaké ing bidhang kedokteran wiwit taun 1917 nalika prastawa Perang Donya I.[3] Miturut WHO, oksigén dadi obat kang paling manjur kanggo kasarasan.[4]

Piguna tumrap médhis[besut | besut sumber]

Terapi oksigén biyasané digunakaké kanggo wong-wong lara parah lan kronis ing omah sakit. Lelara kang biyasané migunakaké terapi oksigén, ya iku wong kang duwé lelara paru-paru kronis utawa Chronic Obstructive Pulmonary Disease (COPD).[5] Saliyané kuwi, lelara liyané kayata bronkitis kronis utawa emfisema. Wong-wong kang duwé lelara amarga ngonsumsi rokok uga butuh terapi oksigén kanggo nulung anggoné ambegan nalika wong-wong kang padha ngonsumsi rokok kuwi mau kahanané parah awan bengi. Penyakit paru-paru kronis kang butuh terapi oksigén biyasané duwé tekanan oksigén parsial PaO2 ≤ 55 mmHg (7.3 kPa) utawa kang duwé saturasi oksigén cacahé SaO2 ≤ 88%.[6] Terapi oksigén uga bisa digunakaké kanggo ngobati wong lelara kronis liyané, kayata wong kang duwé lara gagal jantung, kanker stadium akhir, lara neurodegeneratif, lan wong-wong kang anggoné ambegan sesek.[7]

Saliyané kanggo ngobati wong-wong kang duwé lara kronis, terapi oksigén uga bisa kanggo ngobati wong kang kahanan lelarané wis akut. Oksigén bisa digunakaké kanggo nulung wong-wong kang butuh pangobatan darurat ing omah utawa omah sakit. Contoné kayata wong kang duwé riwayat trauma lan butuh oksigèn kanggo ngéwangi ambegan amarga dhèwèké sesek amarga trauma. Saliyané kuwi, oksigèn uga bisa kanggo nulungi wong kan sesek amarga hipotermia ing gunung utawa ing papan liyané kang hawané adem. Terapi oksigén uga bisa kanggo wong kang duwé penyakit utawa cedera kang bisa nyebabaké kadar oksigén ing awak manungsa kuwi cendhèk. Nanging, migunakaké oksigèn kang ora nggatekaké dosisé, utamané kanggo wong kang duwé penyakit kang wis akut bisa cilaka amarga jalaran bisa ngilangké nyawa manungsa. Miturut panelitian kang ana ing Jurnal Kawarasan British utawa British Medical Journal taun 2018, terapi oksigén bisa nekakaké bebaya marang manungsa yèn saturasi oksigèn kang dianggo luwih saka 96%, kajaba digunakaké kanggo wong kang duwé penyakit pneumotoraks lan keracunan karbon monoksida. Terapi oksigén uga bisa digunakaké ing omah nganggo saturasi kang dhuwur, nanging mung kanggo ngilangaké lara sirah kang wis parah lan kumat pirang-pirang minggu. Sipat saka oksigén ora bisa cepet kebakar, nanging oksigén kang duwé kadar konsentrasi dhuwur lan nalika kena geni bisa nyebabaké kebakaran piranti-piranti kang kagawé saka logam. Prastawa kebakaran kang ora disengaja amarga oksigén kayata prastawa kang kadadéyan ing sasi Januari 1967 ing pesawat Apollo 1 lan kacilakaan taun 1961.[8]

Dampak négatif[besut | besut sumber]

Saliyané bisa ngobati penyakit, terapi oksigén uga bisa nekakaké cilaka marang wong lan lingkungan. Contoné, yèn ana wong kang kaluwihen karbon dioksida, wong kuwi mau bisa lara hipoksia. Yèn wong kang duwé lara hipoksia kuwi mau ditambani nganggo oksigén kang saturasi lan kadaré dhuwur, wong kuwi mau bisa apnea utawa henti napas. Caarané, wong kuwi mau bisa ditambani nganggo oksigén kang kadaré cendhèk, ya iku 24%. Saliyané kuwi, piranti-piranti kang digunakaké kanggo terapi bisa njeblug.[9]

Oksigén bisa nyebabaké lara stroke amarga duwé efèk vasokonstriktif. Kawit taun 1990, terapi oksigen hiperbaik wis dilakokaké ing donya médhis, utamané kanggo ngobati stroke global. Nanging, wong kang nampa terapi oksigén hiperbaik kuwi malah kena kejang. Prastawa kuwi mau bisa kadadéyan amarga wong kang nampa terapi mau keracunan oksigén. Cara kang bisa dilakokaké kanggo ngurangi risiko kejang, ya iku nggatekaké gizi wong kang arep nglakokaké terapi oksigén. Oksigén bisa digunakaké kanggo wong kan ngalami prastawa kacilakan nalika olahraga nyelam. Nanging, oksigén ora bisa 100% nulungi. Ana anggepan yèn obat kang manjur kanggo cedera nalika nyelam kuwi mau nganggo helium amarga kang dialami karo para panyelam kuwi mau penyakit dekompresi lan butuh helium kanggo obaté.[10]

Piranti[besut | besut sumber]

Nalika nglakokaké kagiyatan terapi, ana piranti-piranti kang nyengkuyung lakuné terapi. Piranti-piranti kuwi mau, ya iku masker, kanula irung, masker venturi, masker trakeostomi, lan sapanunggalané. Masker kang digunakaké dadi piranti terapi oksigén ya iku masker rai. Udara bisa mlebu liwat bolongan kang ana ing sandhingé masker rai. Udara kang mlebu liwat bolongan sandhing masker rai kuwi mau bisa cepet lan bisa munggahaké konsentrasi oksigén 40%-60% nalika aliran oksigén kang munggah cacahé 5 liter tekan 10 liter per menit. Kanula irung uga bisa dadi piranti kanggo nglakokaké terapi oksigén. Kanula irung kuwi piranti kang bentuke selang kang dilebokaké ana ing irung pasièn. Konsentrasi oksigén kang bisa mlebu ing irung manungsa liwat kanula irung kuwi gumantung karo cepet orané ambegan wong kang lagi nganggo kanula irung kuwi mau. Saliyané masker rai, masker liyané kang bisa dadi piranti terapi, ya iku masker venturi, non-breathing mask, masker trakeostomi, lan continuous positive airway pressure (CPAP). Masker venturi bisa kanggo ngunggahaké konsentrasi oksigén cacahé 24%-50%. Biyasane, masker venturi iki digunakaké kanggo wong kang duwé lelara COPD utawa Chronic Obstructive Pulmonary Disease. Non-breathing mask kuwi masker kang wujudé ana sak utawa kantong kang terus diisi nganggo oksigén. Nalika wong kang lagi terapi ambegan, dhèwèké kuwi mau bisa nyerot oksigén kang ana ing sak utawa kantong ing non-breathing mask kuwi mau. Masker trakeostomi digunakaké nalika ana wong kang lagi nglakokaké terapi nganggo métodhe trakeostomi. Saliyané masker-masker kuwi mau, uga ana continuous positive airway pressure-CPAP kang digunakaké kanggo ngurangi usaha wong kanggo ambegan, ngilangaké gangguan kang ngalangi manungsa ambegan, lan bisa ngurangi resistensi pambuluh getih ing paru-paru.[11]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Rushman, G. B. (Geoffrey B.); Atkinson, R. S. (Richard Stuart) (1996). A short history of anaesthesia : the first 150 years. Oxford [England]: Butterworth-Heinemann. ISBN 0-7506-3066-3. OCLC 35068237. 
  2. Jamison, Dean T.; World Bank.; Disease Control Priorities Project. (2006). Disease control priorities in developing countries (ed. 2nd ed). New York: Oxford University Press. ISBN 0-8213-6180-5. OCLC 67509193. 
  3. Agasti, T. K.,. Textbook of anaesthesia for postgraduates (ed. First edition). New Delhi. ISBN 93-80704-94-1. OCLC 754630904. 
  4. "WHO | WHO Model Lists of Essential Medicines". WHO. Dijupuk 2020-04-01. 
  5. Stoller, James K.; Panos, Ralph J.; Krachman, Samuel; Doherty, Dennis E.; Make, Barry. "Oxygen Therapy for Patients With COPD". Chest 138 (1): 179–187. ISSN 0012-3692. PMC 2897694. PMID 20605816. doi:10.1378/chest.09-2555. 
  6. McDonald, Christine F.; Crockett, Alan J.; Young, Iven H. (2005-06-20). "Adult domiciliary oxygen therapy. Position statement of the Thoracic Society of Australia and New Zealand". The Medical Journal of Australia (ing basa Inggris) 182 (12): 621–626. doi:10.5694/j.1326-5377.2005.tb06848.x. 
  7. Abernethy, Amy P.; McDonald, Christine F.; Frith, Peter A.; Clark, Katherine; Herndon, James E.; Marcello, Jennifer; Young, Iven H.; Bull, Janet; Wilcock, Andrew (2010-09-04). "Effect of palliative oxygen versus medical (room) air in relieving breathlessness in patients with refractory dyspnea: a double-blind randomized controlled trial". Lancet 376 (9743): 784–793. ISSN 0140-6736. PMC 2962424. PMID 20816546. doi:10.1016/S0140-6736(10)61115-4. 
  8. Siemieniuk, Reed A. C.; Chu, Derek K.; Kim, Lisa Ha-Yeon; Güell-Rous, Maria-Rosa; Alhazzani, Waleed; Soccal, Paola M.; Karanicolas, Paul J.; Farhoumand, Pauline D.; Siemieniuk, Jillian L. K. (2018-10-24). "Oxygen therapy for acutely ill medical patients: a clinical practice guideline". BMJ (ing basa Inggris) 363. ISSN 0959-8138. doi:10.1136/bmj.k4169. 
  9. Kanani, Mazyar. (2003). Surgical critical care vivas. Cambridge, UK: Cambridge University Press. ISBN 978-0-511-58425-1. OCLC 647503263. 
  10. Brubakk, Alf O.; Neuman, Tom S.; Elliott, David H. (David Hallen); Bennett, Peter B. (2003). Bennett and Elliott's physiology and medicine of diving. (ed. 5th ed). Edinburgh: Saunders. ISBN 978-0-7020-2571-6. OCLC 51607923. 
  11. Berg, Katherine M.; Lang, Gerald R.; Salciccioli, Justin D.; Bak, Eske; Cocchi, Michael N.; Gautam, Shiva; Donnino, Michael W. "The rapid shallow breathing index as a predictor of failure of noninvasive ventilation for patients with acute respiratory failure". Respiratory Care 57 (10): 1548–1554. ISSN 0020-1324. PMID 22417884. doi:10.4187/respcare.01597.