Menyang kontèn

Telekomunikasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Stasiun bumi ing fasilitas komunikasi satelit Raisting Eart Station ing Raisting, Bavaria, Jerman.

Telekomunikasi inggih menika transmisi informasi kanthi kesegeraan ingkang saged dipuntandhingaken kaliyan komunikasi adu-arep (face-to-face). Saengga, teknologi komunikasi ingkang alon kadosta layang pos lan tabung pneumatik boten kalebet wonten ing definisi menika.[1][2] Kathah media transmisi ingkang sampun dipunginakaken kangge telekomunikasi ing salebeting sejarah, saking isyarat asap, mercusuar, telegraf semaphore, bendera isyarat, lan heliograf optik dumugi kabel lan angkasa kosong ingkang dipundamel kangge nyaluraken sinyal elektromagnetik. Jalur transmisi menika saged dipunperang dados saluran komunikasi kangge multiplexing, saengga setunggal media saged ngirim pinten-pinten sesi komunikasi kanthi sesarengan. Pinten-pinten cara komunikasi jarak tebih saderengipun jaman modern ngginakaken suwanten kadosta kodhe tabuhan genderang, tiupan terompet, lan pluit. Teknologi jarak tebih ingkang dipunpanggihaken ing abad ka-20 lan ka-21 umumipun ngginakaken tenaga listrik, lan kalebet telegraf, tilpun, televisi, lan radio.

Jaringan telekomunikasi awal ngginakaken kabel logam minangka media kangge ngirim sinyal. Jaringan menika dipunginakaken kangge telegraf lan telepon ing pinten-pinten dekade. Ing dekade kapisan abad ka-20, revolusi wonten ing komunikasi nirkabel dipunwiwiti kanthi terobosan-terobosan kalebet ingkang dipuntindakaken wonten ing komunikasi radio dening Guglielmo Marconi, ingkang pikantuk Hadiah Nobel wonten ing Fisika taun 1909. Pelopor awal sanes ing telekomunikasi elektrik lan elektronik kalebet panemu telegraf Charles Wheatstone lan Samuel Morse, kathah panemu lan pangembang telepon kalebet Antonio Meucci lan Alexander Graham Bell, panemu radio Edwin Armstrong lan Lee de Forest, sarta panemu televisi kadosta Vladimir K. Zworykin, John Logie Baird lan Philo Farnsworth.

Wiwit dekade 1960-an, penyebaran teknologi digital nyebabaken komunikasi suwanten sansaya kathah dipuntambahi data. Keterbatasan fisik saking media logam njalari pangembangan serat optik.[3][4][5] Internet, minangka teknologi ingkang boten gumantung kaliyan media menapa mawon, nyediakaken akses global dhateng layanan kangge pangguna individual lan langkung nyuda watesan lokasi lan wekdal wonten ing komunikasi.

Sitiran[besut | besut sumber]

  1. "Article 1.3" (PDF), ITU Radio Regulations, International Telecommunication Union, 2012, diarsip saka sing asli (PDF) ing 19 March 2015
  2. Constitution and Convention of the International Telecommunication Union, Annex (Geneva, 1992)
  3. "How does a Gigabit Passive Optical Network (GPON) work?". European Investment Bank (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 7 June 2021. Dibukak ing 7 June 2021.
  4. Renewing U.S. Telecommunications Research (ing basa Inggris). 2006. doi:10.17226/11711. ISBN 978-0-309-10265-0. Diarsip saka asliné ing 23 June 2021. Dibukak ing 25 June 2021.
  5. Cyphers, Bennett (16 October 2019). "The Case for Fiber to the Home, Today: Why Fiber is a Superior Medium for 21st Century Broadband". Electronic Frontier Foundation (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 3 June 2021. Dibukak ing 7 June 2021.