Tafsir al-Jalalain

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Tapsir al-Jalalain (basa Arab: تفسير الجلالين , jarwané: "tapsir déning Jalal loro") iku sawijining kitab tapsir Al-Qur'an kang misuwur; kawitané dianggit déning Jalaluddin al-Mahalli ing taun 1459 M, lan dibacutaké déning muridé, ya iku Jalaluddin as-Suyuthi ing taun 1505 M. Kitab tapsir iki adaté ingaran kitab tapsir klasik Sunni kang akèh didhapuk minangka rujukan, amarga gampang anggoné dingertèni lan cacah jilidé mung siji.

Jalaludin al-Mahalli nulis tapsir iki saka kawitané Surat Al-Kahfi nganti pungkasané Surat An-Naas,[1] lan sawisé iku panjenengané napsiraké Surat Al-Fatihah nganti rampungé.[2] Al-Mahalli séda sadurungé ngrampungaké iku.[2] Jalaluddin as-Suyuthi banjur mbacutaké, miwiti saka Surat Al-Baqarah nganti Surat Al-Israa'.[2] Sawisé iku panjenengané mindhahaké tapsir Surat Al-Fatihah ing mburi urutané tapsir liya kang sadurungé wis digawé déning Al-Mahalli.[2] Nanging, isih ana béda panemu ing para ahli ngenani pira kèhé garapané saben-saben juru tapsir mau.[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Abdul Aziz bin Ibrahim bin Qasim. Ad-Dalil ila Mutun al-'Ilmiyyah. 1420 H. Riyadh: Dar ash-Shumai'i. k. 99. 
  2. a b c d e Al-Qaththan, Syaikh Manna' (2006). Pengantar Studi Ilmu Al-Qur'an (Mabahits fi Ulum al-Qur'an). Penerjemah: H. Aunur Rafiq El-Mazni, Lc. MA. Editor: Abduh Zulfidar Akaha, Lc. & Muhammad Ihsan, Lc. (ed. 1). Jakarta: Pustaka Al-Kautsar. k. 457. ISBN 979-592-349-8. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]