Menyang kontèn

Setatsiyun Tebet

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Stasiun Tebet)
Setatsiyun Tebet

  • Singkatan: TEB
  • Nomor: B10
Sepur Listrik Komuter dateng ing Setatsiyun Tebet, 2024
Letak
PropinsiDKI Jakarta
Sujarah
Elektrifikasi1.500 V DC
Liyan-liyan
OpratorDaerah Operasi I Jakarta
Kelas setasiun[1]
PunggelanTEB
Nomer setasiunB10
Dhuwuring stasiun+ 17 M
Layanan
Fasilitas
Diagram jalur setatsiyun

Setatsiyun Tebet ya iku stasiun sepur kang ana ning Jl. Lapangan Ros Raya, Jakarta Kidul 12810, DKI Jakarta,[2] Tapel wates antarané Kalurahan Tebet lan Kebon Baru, Tebet, Jakarta Kidul. Setatsiyun iki ana ing Daerah Operasi 1 Jakarta. Genahé ning waladi kang strategis dadi pengumpan kanggo para punggawa ning Casablanca, Kuningan, Kampung Melayu, lan pinggiré nggawé setatsiyun iki rame terus.

Kelintunan

[besut | besut sumber]

Setatsiyun sepur iki ramé banget nalika wayah ésuk lan soré nalika wayahé masarakat padha mangkat-bali saka mergawé. Akèh pedagang asongan kang gawé sesek anggoné papan nunggu para penumpang sepur. Amarga akèhé penumpang, iku sing gawé masalah mligi masalah kriminalitas, sanadyan ing mbang kulon setatsiyun ana kantor pulisi. Ing ngarep pelataran setatsiyun kerep kadadéan kamacetan, amarga Mikrolet, Kopaja, Bajaj, lan Tukang Ojek padha rebutan panumpang nalika Kereta Listrik mandhek, ngedhunaké lan ngunggahaké panumpang.

Layanan

[besut | besut sumber]
Jeneng Sepur Relasi
Commuter Line Bogor Jakarta Kota Bogor
Depok
Nambo


Insiden

[besut | besut sumber]
  • Nalika tanggal 9 Fèbruari 2008 pukul 17.00, ana tuwuhan kang ambruk ning Setatsiyun Tebet. Amarga kadadian iku, KA ora bisa liwat.
Setatsiyun sadurungé:
Stasiun Manggarai
Jalur KA Manggarai-Padalarang Setatsiyun sauwisé:
Stasiun Cawang

Koordhinat: 6°13′35″S 106°51′30″E / 6.2265207°S 106.8583167°E / -6.2265207; 106.8583167

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. Buku Informasi Direktorat Jenderal Perkeretaapian 2014 (PDF). Jakarta: Direktorat Jenderal Perkeretaapian, Kementerian Perhubungan Indonesia.
  2. http://bukukuning.detik.com/direktori/stasiun-tebet Archived 2011-11-14 at the Wayback Machine. Alamat Stasiun Tebet

Kategori

[besut | besut sumber]