Spirulina
Spirulina sp. minangka cyanobacteria ingkang kathah dipun-ginakaken kanggé bahan baku industri panganan amargi ngandhut protèin 60-71%, lemak 8%, karbohidrat 16%, lan vitamin sarta 1,6% chlorophyll-a, 18% phycocyanin, 17% ß-Carotene, lan 20-30% Ɣ-linoléaic acid saking total asam lemak. Wonten ing warsa 1976, spirulina dipunpilih dados sumber panganan mangsa ngajeng dening International Association of Applied Microbiology. Spirulina sp. ugi sampun dipun-ginakaken minangka suplemen utawi panganan panjangkep dening masarakat Afrika minangka sumber pangan tradisional. Kandungan nutrisi Spirulina sp. ingkang jangkep mliginipun protein ingkang inggil njalaraken Spirullina sp. nggadhahi potensi ingkang ageng kanggé dipunmanpaataken minangka sumber protein.[1]
Titikanipun
[besut | besut sumber]Titikanipun spirulina ingkang sepisan inggih punika menawi spiruina minangka mikroalga ingkang ngandhut protèin inggil dumugi 55-70% saha sumber mikronutrien. Wonten bahan pangan ingkang nggadhahi sumber protèin inggil inggih punika jamur lan bakteri mikroorganisme, amargi jalaran kasebut lajeng dipunsebat minangka protèin sel tunggal (PST). Spirulina inggih punika jinis cyanobacteria utawi baktèri ingkang ngandhut klorofil lan saged minangka organisme ingkang saged nglampahaken fotosintèsis kanggé ndamel panganan kiyambak. Lajeng wujudipun spiral. Titikan ingkang saklajengipun inggih punika spirulina ngandhut fikosianin inggil saéngga warninipun radi ijo biru. Spirulina ugi saged urip ing rawa, banyu tawar, banyu sagara, lan ing lemah. Wonten ing panggènan ingkang gadhah tingkat alkalinitas inggil spirulina ugi saged urip kanthi pH 8,5 dumugi 11, benten kaliyan mikroorganisme sanesipun ingkang boten saged urip ing alkalinitas semonten. Ing suhu 15°C punika minangka suhu paling ngandhap kangge uripipun spirulina lan suhu 35-40°C kangge tuwuhipun kanthi sampurna.
Jinis
[besut | besut sumber]Spirulina ugi kasebat Arthospira, nggadhahi manéka jinis. Kawontenan kirang langkung saking 58 spèsiès Spirulina ingkang kacathet, ananging naming sekedhik ingkang saged dipun-ginakaken kanggé sumber panganan. Kalih jinis Spirulina ingkang kondhang ing pasaran inggih punika Spirulina plantèsis lan Spirulina maxima. Kalih jinis Spirulina punika bènten ing wujud saha ukuranipun. Spirulina maxima nggadhahi ukuran ingkang langkung ageng, nanging wujudipun boten radi spiral menawi dipunlebetaken ing Spirulina plantesis.
Nutrisi kang kaandhut
[besut | besut sumber]Spirulina nggadhahi manéka titikan sarta kandhutan nutrisi ingkang cocok kanggé panganan fungsional. Protèin, asam lemak èsènsial, vitamin, mineral, lan klorofil saha fikosianin minangka komponèn ingkang kaandhut wonten ing Spirulina. Dipunpitadosi ugi menawi Spirulina saged minangka produk panganan ingkang saged nambani utawi dados obat. Mineral ingkang wonten ing spirulina inggih punika kirang langkung ngantos 37%. mineral-mineral punika wonten amargi asil saking mikroalga, saking media kanggé tuwuhipun spirulina, ugi dipunjalaraken dhateng suhu, pH, ugi salinitas. Protèin ingkang kaandhut ing spirulina punika kirang langkung ngantos 55-70%. protèin punika ngandhut kathah asam amino ésénsial, metionin, sistin, triptofan, kaliyan lisin. Protèin punika saé amargi saking asam amino ingkang inggil lan saé tumrap kaséhatan. Asam amino esensial punika kapérang saking Poly Unsaturated fatty Acid (PUFA) 6-6,5%, Gamma Linoleic Acid (GLA) 25-60%, asam palmik 44,6-54,1%, asam oléat 1-15,5% saha asam linoléat 10,8-30,7%. ing spirulina ugi ngandhut kolesterol kirang langkung 32,5 mg/100 g. Betakarotein kaliyan vitamin ing spirulina inggih punika betakarotein ingkang saged dipundadosaken vitamin A kliyan vitamin B. Amargi mekaten dadosaken 4 mg gisi ing spirulina punika sami kaliyan gisi ingkang kaandhut saking 100 gram sayur seger. Bentenipun spirulina ingkang urip ing sagara kaliyan spirulina kang urip ing banyu tawar yaiku mineral ingkang dipunkandhut langkung inggil ing spirulina saking sagara lan ambunipun ugi langkung amis. Spirulina ingkang urp ing banyu tawar menika langkung aman menawi dipundadosaken bahan pangan amargi kadar uyahipun boten inggil.
Prospek
[besut | besut sumber]Prospèkipun Indonesia mangke menawi minangka negari tropis sampun sejatosipun saged mimpin ing industri mikroalga. Sumber daya alam ingkang kathah lan konsumsi masarakat ingkang inggil, saged dadosaken industri mikroalga langkung saé kangge ngrembaka lan ngrancang panganan fungsional ingkang langkung saé. Amargi spirulina punika minangka sumber pangan fungsional, dados spirulina punika ugi saged minangka sumber pangan ingkang séhat utawi saged dipunsebat suplemèn. Salajengipun, spirulina mangke saged dipundadosaken bahan tambahan anggènipun badhé ndamel roti, biskuit, lan ombénan.[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Amanatin, Dwi Riesya. "Spirulina". Produksi Protein Sel Tunggal (PST) Spirulina Sp. Sebagai Super Food Daam Upaya Penanggulangan Gizi Buruk dan Kerawanan pangan di Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2019-07-21. Dibukak ing 2023-03-19.
- ↑ Christwardana, Marcelinus; Hadiyanto, Nur. "Spirulina" (PDF). Spirulina platensis: Potensinya Sebagai Bahan Pangan Fungsional. 2: 4.[pranala mati permanèn]