Soetrisno Bachir
| Soetrisno Bachir | |
|---|---|
![]() | |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 10 April 1957 |
Soetrisno Bachir (lair ing Pekalongan, Jawa Tengah, Indonésia, 10 April 1957; umur 68 taun).[1] Soetrisno bachir iku pengusaha lan Ketua Umum Parté Amanat Nasional (PAN) kanggo periode 2005—2010.[1]
Profesi Soetrisno Bachir ya iku pengusaha.[1] Soetrisno bareng karo masé kang jenengé Kamaluddin Bachir duwé usaha ing Ika Muda Group kang bisnis ing babagan properti (real estate).[1] Lumantar grup iki, Soetrisno ngrintis usaha ariwarta kang banjur dadi harian Republika.[1] Soetrisno Bachir banjur duwé bisnis dhéwé ing bisnis investasi lumantar Sabira Group.[1] Saiki, Soetrsino dadi salah sijiné bisnis investasi kang éwoning papan atas.[1] Keluargane anggota Muhammadiyahananging duwé garis NU saka salah sijiné pihak kulawarga.[1] Ing organisasi, wong lanang kang misuwur kanthi jeneng inisial SB iki aktif ing PII (Pelajar Islam Indonésia) lan HMI.[1] Ing Muhammadiyah, Soetrisno dadi anggota Majelis Ékonomi PP Muhammadiyah.[1] Saliyané iku, Soetrisno uga tau dadi tokoh Himpunan Pengusaha Muda Indonésia (Hipmi).[1] Nalika Ikatan Cendekiawan Muslim Indonésia (ICMI) dirintis, SB kalebu wong kang mènèhi panjurung.[1] Para aktivis HMI, Muhammadiyah, lan PII racaké wis suwé kenal karo SB.[1] Soetrisno Bachir iku perintis Grup Sabira.[1] Soetrisno bachir kepilih dadi Ketua Umum DPP Parté Amanat Nasional (PAN) periode 2005-2010 nggantekake Amien Rais.[1] Nalika ulang tauné kang kaping 54, Soetrisno Bachir nggawé buku kang isiné pamikirané Soetrisno ing aspek-aspek pulitik.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 kepustakaan-presiden.pnri.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)
- ↑ tribunnews.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
