Shan Hai Jing
Shan Hai Jing(山海经) ya iku catatan ngenani alam, géografi, fiksi, mitologi, ritual lan usada Tiongkok kuna sadurungé Dinasti Qin (3 - 2 SM).[1][2] Kira-kira pérangan géografi buku iki dirampungake ing wiwitan utawa pungkasan Zaman Negara-nagara Berperang (475-221 SM).[2] Déné pérangan mitologi lan legenda dirampungake nalika Dinasti Qin (221-206 SM).[2]
Kasusun dadi 18 bab.[1][2] Bab siji nganti lima isiné ngenani daerah pagunungan, Shan Jing(山经).[1][2] Bab enem nganti sanga ngrembag ngenani kelautan ing jaba teritori Cina kang dijenengi Haiwai Jing(海外经), déné bab sepuluh nganti telulas ngenani kelautan teritori Cina kanthi aran Hainei Jing (海內经) lan kang pungkasan wiwit bab patbelas nganti wolulas ngemot ngenani daratan Dahuang Jing (大荒经).[1][2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d Shan Hai Jing, Chinese Literature. Diundhuh tanggal 17 Mèi 2010.
- ↑ a b c d e f Classic of Mountains and Seas Archived 2011-05-27 at the Wayback Machine., China Culture. Diundhuh tanggal 25 Mèi 2010.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |