Serat Asmaralaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Serat Asmaralaya ya iku salah sijiné naskah Jawa kang wis dicithak. Naskah iki lair ing satengahing masarakat Jawa kang manèka werna budayané, bakuné duwé gegayutan karo babagan klenik Jawa. Naskah Serat Asmaralaya ngemot anasir-anasir budaya Jawa kang dadi pandom luhur kang diwariské déning nenek moyang bangsa sing dikumpulké déning M. Ng. Mangunwijaya, ya iku salah siji masarakat Jawa kang isih ana gegayutan ing jaman saiki. Anasir-anasir budaya Jawa ing jeroning naskah serat Asmaralaya ngemot aspèk fisik naskah, basa, sastra, lan materi-materi naskah ya iku sejarah, pawiyatan, lan agama. Isining tulisan kasebut bisa dijlentrehaké kaya ngéné: (1) éling kodrat manungsa kawula (hamba), (2) ngerteni hakikat Gusti, (3) ngusahakaké dadi insan kamil, (4) cara-carané ngadhepi sakaratul maut, lan (5) cara kanggo nuju manunggaling Kawula-Gusti.

Wujud[besut | besut sumber]

Serat Asmaralaya tulisan cithak, kang dibabar taun 1929, disimpen ing Perpustakaan Dewantara Kitri Griya Taman Siswa Yogyakarta, nomer koleksi 94. Naskah iki ukurané 21 x 14,5 cm, ukuran tulisan 15,5 x 9 cm, lan ana 24 kaca (wiwit kaca 1 tekan 24). Saben kaca naskah ana 18 gatra, kajaba kaca pungkasan ana 12 gatra.

Naskah iki awujud geguritan Jawa, ya iku macapat kang dumadi saka 5 pupuh, kang cacahé 112 pada, yaiku (1) Dhandhanggula 14 pada, (2) Pucung 37 pada, (3) Pangkur 21 pada, (4) Megatruh 27 pada, lan (5) Gambuh 13 pada.[1] Nama-nama pupuh kasebut nuduhaké yèn ana sasmitaning tembang utawa tenger nama pupuh bacuté, sing mapan ana gatra kapisan lan utawa gatra pungkasan ing sajronig pupuh. Tuladahané pupuh I Dhandhanggula tengeré mapan ing pada I gatra I "mangèsthi wruh sirèng hyang artati (hyang artati ya iku dasanamané Dhandhanggula). Pupuh II Pucung tengeré ana ing pada 14 gatra 10 "mucung kéwala". Pupuh III Megatruh tengeré mapan ing pupuh II pada 37 gatra 4, ya iku “tribuwana kebak bangkit megat nyawa. Pupuh IV Pangkur tengeré ing pupuh III pada 27 gatra 5, ya iku “ngarsa wuri dhuwur ngisor”, wuri tegesé padha karo pangkur. Pupuh V Gambuh tengeré ana ing pupuh IV pada 21 gatra 7, ya iku “mung aran gambuhing dhiri”.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Mulyani, Hesti. "Tinjauan Filologi Naskah Serat Asmaralaya". Diksi Jurnal Ilmiah Bahasa, Sastra, dan Pengajarannya.
  2. Mulyani, Hesti. "Naskah Serat Asmaralaya: Sakaratul Maut dalam Konsep Kejawen". PBDFBS UNY - Kejawen: Jurnal Kebudayaan Jawa.