Sanggit wayang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sanggit inggih ménika variasi dhalang anggènipun nyaméktakaken pagélaran ringgit. [1][2] Miturut  Murtiyoso dkk., (2007) sanggit inggih ménika kreativitas dhalang kangge ngolah mèngolah unsur-unsur pakéliran satémah mujudakén kualitas pakéliranipun. Sanggit ménika perangan ingkang mbedakakén antawisipun sajian dhalang sétunggal kaliyan sanèsipun anggènipun nyariyosakén lakon pèwayangan kamangka lakon ingkang dipuncariyosakén ménika sami.

Tèmbung sanggit ménika sagéd dipunjlèntrehakén dados frasa “gésanging ringgit” ingkang tégésipun ménika kagiyatan kangge nguripakén wayang wontén ing pagélaran ringgit supados luwés saha katingal nyata sédayanipun. Kualitas saking pagélaran ringgit ménika gumantung kaliyan kualitas sanggit ingkang dipunsaméktakakén dening dhalang kanthi lébda ing karsa. Sanggit wontén ing pagélaran ringgit ménika minangka satunggaling daya cipta saking dhalang kangge ngolah sajian pakéliran supados katingal urip saha sagéd nggambarakén nalaring pagésangan. Sanggit ménika dados sarana supados pikantuk èfèk gumun saking pamiyarsa.

Perangan[besut | besut sumber]

Wontén kalangan pédhalangan, sanggit sagéd dipunperang dados gangsal warni :

  1. Sanggit cariyos, inggih ménika caraning dhalang ngolah cariyos kanthi satunggaling adégan utawi sédaya adégan.
  2. Sanggit adégan, inggih ménika caraning séniman dhalang damél saha némtokakén plot-plotaning adégan.
  3. Sanggit sabét, inggih ménika salah satunggaling caranipun dhalang wontén pangolahing ebahipun wayang satémah sagéd mengungkapkan raos utawi swasana ingkang jumbuh kaliyan ingkang dipunkérsakakén kangge nggayuh mantéping raos.
  4. Sanggit iringan, inggih ménika kemampuan dhalang anggènipun ngolah iringan kanthi damél, milih utawi némtokakén iringan pakéliran kangge damél utawi ndukung swasana adégan ingkang sawég kalaksanan.
  5. Sanggit catur, inggih ménika salah satunggaling cara anggènipun dhalang kaliyan mèdium basa sagéd milih tètèmbungan, nyusun saha ngrangke ukara kangge ngandharakén wosing cariyos ingkang lérés saha ngemot raos ingkang mantép miturut raos ingkang dipunkérsakakén, kanthi pélukisan utawi awujud pacélathon antawisipun lakon wayang (Sudarko, 1990: 10-11)

Kanthi mékatén sanggit nggadhahi péran ingkang wigatos sangét wontén pakéliran. Saking wigatining sanggit, Bambang Murtiyoso wontén Séni Pédalangan (Jawa) Unsur-unsur pokok ngéndika bilih :

Ménawi pakéliranipun tanpa sanggit, pakéliranipun lajéng karaos anyép, ampang utawi kirang mantéb. Paling-paling naming sagéd kawastanan résik, bénér manut waton utawi trampil . . . kanthi sanggit pakéliran lajéng karaos; sém, ngés, rénggép, cucut, prénés lan sak panunggalanipun (1980).

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Indriyanto, Xojel (2015-04-21). "SINAU PEDALANGAN: Pengertian Sanggit". SINAU PEDALANGAN. Dijupuk 2018-12-21. 
  2. Seni Pedhalangan Jawa, Unsur-unsur Pokok. Akademi seni Karawitan Indonesia.