Sérviks

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Diagram of the uterus and part of the vagina.
Bagan saka utérus (rahim) lan bagéan vagina. Sérviks ya iku panggonan kang ngubungaké rahim (utérus) karo vagina.

Sérviks ya iku panggonan kang ngubungaké rahim (uterus) karo vagina.[1] sérviks bisa uga diarani guluné rahim, duwéni dawa 2–3 cm. Bentuk saka sérviks iki bisa owah yén lagi ngandhut, senajan silinder kang dadi bentuk asliné. sérviks iki duwéni loro bagean, éktoserviks lan supravaginal. Ektosérviks iki kang cedhak ing vagina, yén supravaginal iku bagéan kang dibuntel fasia pelvis viseral (parametrium). Ing fasia pelvis viseral iki ana alteri uterina kang mili ing pinggir-pinggir sérviks. Ing kéné iki uga, nalika arep wanita arep nglairaké ngalami kontraksi rahim. Kontraksi rahim kedadéan amarga ana jabang bayi ing rahim kang ngésuk pager-pager rahim, mula dadi amba. Anané zat kolagén kang akéh iki gawé aman.[2]

Perkembangan[besut | besut sumber]

Serviks normal wanita diwasa uga prapatan skuamokolumnar.

Sérviks iki bagéan saka réproduksi wanita. sérviks iki asalé saka saluran paramésonéfrik kang dadi loro. Anané saluran iki amarga ana ngrembakané émbriogénesis nganti wulan enem. Anggoné mundhak ngembangé, ing bagéan njaba saluran fusi mbentuk saluran urogénital tunggal. Saluran iki kang dadi vagina, guluné rahim (serviks), lan rahim (utérus).[3] Sérviks iki mundhaké luwih sithik ketimbang rahim, mula ukurané uga luwih cilik ing rahim. Yén sansaya tambah umuré janin, sérviks iki bakal nutup lan njaga janin ing njero rahim. Sansaya umur janin nambah, kang bakal bayi, sérviks iki bakal mbukak utawa mundhak amba. Nalika, bayi iki bisa metu saka rahim, ukuran sérviks bakal mbalik dadi cilik ning ukuran asliné.[4] Nalika janin sansaya mundhak umuré, jaringan épitél skuamosa ing sérviks iku saka sistem urogénital. Menawa, jaringan epitél kolumnar saka saluran paramésonéfrik. Titik kanggo ketemuné jaringan iki diarani squamocolumnar junction utawa prapatan skuamokolumnar.[5]

Histologi[besut | besut sumber]

Jaringan épitél ing sérviks prapatan skuamokolumnar. Jaringan skuamos épitélium manggon ing sisih kiwa lan jaringan épitelium komlumnar ing sisih tengen.

Ing prapatan skuamokolumnar dadi panggon ketemu jaringan epitél ektoservik lan endoserviks. Jaringan loro iku duwéni lapisan kolagén kang kandel.[6] Ektosérviks duwé jaringan épitel skuamosa kang standhar lan ora ana seraté. Menawa, endosérviks kang isiné lapisan sél mukosa kolumnar, ing bagéan iki akéh kalénjar cairan tubular. Mumpangaté kalénjar iki kanggo ngosongi cairan alkali ing lumén. Ing bagéan sérviks uga pancén paling akéh jaringan fibrosa, kolagén lan élasntin ketimbang bagéaan rahim kang liya.[7]

Mumpangat[besut | besut sumber]

Bisa dimangérteni mumpangat utawa fungsi saka sérviks yaiku kanggo kesuburan, akéh lendir ing kalénjar sérviks, kanggo wanita lairan uga kontrasépsi.

Kesuburan[besut | besut sumber]

Ing bagian sérviks ana kang diarani kanal sérviks ya iku jalur mlebuné spérma mara ing rahim sawisé senggama.[8] Spérma kang isih urip ana ing lapisan éndosérviks kang dadi waduk anggoné spérma bisa urip nganti pirang-pirang jam nggawé maksimal anggoné pembuahan utawa ovulasi.[9]

lendir sérviks[besut | besut sumber]

Anané lendir sérviks kang jumlahé ora sithik ing bagéan éndosérviks kira-kira saben dinané 20–60 mg. Nalika ovulasi dadi 600 mg. Kandungan lendiré ya iku kalsiyum, natrium, kalium uga komponén organik kaya ta glukosa, asam amino, protéin. Ana manéh, kaya séng, tembaga, wesi, sélénium, asam lemak bébas, enzim amilase uga prostaglandin.[5]

Lairan/barbaran[besut | besut sumber]

(1) sirah jabang bayi, ngenet guluné rahim (sérviks) (2) berarti ngirim sinyal ing (3) utak. (4) Sinyal iki dikirim ana ing kalénjar pituari kanggo nguculaké oksitosin. (5) Oksitosin digawa getih mara ing rahim lan nyebabkaké kontraksi kango lairan utawa prosés persalinan.

Sakliyané dhuwur iku, sérviks dadi lakon kang utama anggoné mbiyantu lairan. Amarga, nalika  (1) sirah jabang bayi, ngenet guluné rahim (sérviks) (2) berarti ngirim sinyal ing (3) utak. (4) Sinyal iki dikirim ana ing kalénjar pituari kanggo nguculaké oksitosin. (5) Oksitosin digawa getih mara ing rahim lan nyebabkaké kontraksi kango lairan utawa prosés persalinan.

Kontrasépsi[besut | besut sumber]

kontrasépsi ing kéné tegese ana metodé utawa cara kang gayut karo sérviks ya iku contoné diaphragm utawa diafragma sérviks lan cervical caps, bisa uga kasebut tutup sérviks. Diafragma sérviks ya iku piranti bahan plastik kang dibuntelké ing sérviks sakdurungé senggama. Metodé iki uga rada mirip karo metode cervical caps. Bedané iki kraket ing sérviks lan anané proses 'penyedotan''. Biasané prosés kontrasépsi loro iki digunakaké bareng karo spermicides.[10]

Lelara[besut | besut sumber]

Lelara kang bisa kena ing sérviks antarané ya iku:

Radhang[besut | besut sumber]

Radhang bisa uga diarani sévisitis. Radhang iki bisa mapan ana ing endsosérviks utawa éksosérviks.[11] Yén ana ing éndosérviks biasané kena gonoré utawa klamidia. Kanggoné wong ngandhut lelara iki ora katon tandah-tandhné.[12]

Kanker[besut | besut sumber]

Lelara kang paling akéh lan nyebakaké ninggal ya iku kanker sérviks, biasané kanker sérviks iki gayut karo involves human papillomavirus (HPV)[13][14] HPV duwéni jinis akéh lan biasané dadi predisposisi kanker ing jaringan épitél sérviks. Jaringan iki dadi mula bukané lelara kanker.[15] Senajan ana vaksin kanggo HPV kaya ta Gardasil lan Cervarix.

Anatomi ora normal[besut | besut sumber]

Tegesé saka anatomi kang ora normal ya iku anané owah-owahan saluran ing sérviks kang dadi ciyut diarani stenosis sérviks. Trauma kang dadi sebab saka diangkaté jaringan merga ana kanker. Ora delok iku mung kanggo praduga utawa pengobatan. Kabéh padha nuwuhaké prekara kang kudu diwaspadani.[14]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Hasil Pencarian - KBBI Daring". kbbi.kemdikbud.go.id. Retrieved 2019-12-10.
  2. Snell, Richard S. (2012). Clinical anatomy by regions (9th ed ed.). Baltimore, MD: Lippincott Williams & Wilkins. ISBN 978-1-60913-446-4. OCLC 726074702.CS1 maint: extra text (link)
  3. Schoenwolf, Gary C.; Larsen, William J. (William James). (2009). Larsen's human embryology (4th ed., Thoroughly rev. and updated ed.). Philadelphia: Churchill Livingstone/Elsevier. ISBN 978-0-443-06811-9. OCLC 144772323.
  4. Ellis, Harold (2011-03-01). "Anatomy of the uterus". Anaesthesia & Intensive Care Medicine (in English). 12 (3): 99–101. doi:10.1016/j.mpaic.2010.11.005. ISSN 1472-0299.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  5. a b Jordan, Joseph A.; Singer, Albert.; Jones, Howard W.; Shafi, Mahmood I. (2006). The cervix (2nd ed ed.). Malden, Mass.: Blackwell. ISBN 978-1-4443-1274-4. OCLC 352834398.CS1 maint: extra text (link)
  6. Young, Barbara (Pathologist) (2006). Wheater's functional histology : a text and colour atlas (5th ed ed.). [Edinburgh?]: Churchill Livingstone/Elsevier. ISBN 0-443-06850-X. OCLC 62891495.CS1 maint: extra text (link)
  7. Gray, Henry, 1825-1861.; Williams, Peter L. (Peter Llewellyn); Bannister, Lawrence H. (1995). Gray's anatomy : the anatomical basis of medicine and surgery (38th ed. ed.). New York: Churchill Livingstone. ISBN 0-443-04560-7. OCLC 32094160.CS1 maint: multiple names: authors list (link) CS1 maint: extra text (link)
  8. Guyton, Arthur C. (2006). Textbook of medical physiology (11th ed ed.). Philadelphia: Elsevier Saunders. ISBN 0-7216-0240-1. OCLC 56661571.CS1 maint: extra text (link)
  9. Brannigan, Robert E.; Lipshultz, Larry I. (2009). "Sperm Transport and Capacitation". The Global Library of Women's Medicine (in Inggris). doi:10.3843/GLOWM.10316. ISSN 1756-2228.
  10. Collier, Merri. (2009). Contraception - healthy choices : a contraceptive clinic in a book (2nd ed ed.). Sydney: UNSW Press. ISBN 978-1-920705-56-5. OCLC 320818025.CS1 maint: extra text (link)
  11. "Chapter 7: Cervicitis - The Practitioner's Handbook for the Management of Sexually Transmitted Diseases". web.archive.org. 2013-06-22. Retrieved 2019-12-18.
  12. Kenner, Carole,; Lott, Judy Wright, 1953-. Comprehensive neonatal nursing care (Fifth edition ed.). New York, NY. ISBN 0-8261-0976-4. OCLC 861666378.CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link) CS1 maint: extra text (link)
  13. Wahl, Carter E. (2007). Hardcore pathology. Philadelphia: Lippincott Williams & Wilkins. ISBN 1-4051-0498-8. OCLC 64442833.
  14. a b Kumar, Vinay, 1944-; Robbins, Stanley L. (Stanley Leonard), 1915-2003. (2007). Robbins basic pathology (8th ed ed.). Philadelphia, PA: Saunders/Elsevier. ISBN 1-4160-2973-7. OCLC 69672074.CS1 maint: multiple names: authors list (link) CS1 maint: extra text (link)
  15. Stevens, Alan (Pathologist) (2005). Human histology (3rd ed ed.). Philadelphia: Elsevier/Mosby. ISBN 0-323-03663-5. OCLC 57365701.CS1 maint: extra text (link)