Rencana Malaysia Kaping Kalih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Diversifikasi dipuntepangaken ing Rencana Malaysia Kaping Kalih, nggantos karèt kanthi klapa sawit.

Rencana Malaysia Kaping Kalih (ing basa Melayu dipunsebat 'Rancangan Malaysia Kedua') inggih punika rencana pangembangan ékonomi ingkang dipunwontenaken déning pamaréntah Malaysia kanthi mangfaat nglaksanakaken Kabijakan Ékonomi Ènggal Malaysia.[1] Rencana punika dipunlaksanakaken wiwit taun 1971 ngantos dumugi 1975, kanthi tujuan merestrukturiasasi masarakat Malaysia lan ngirangi dhominasi tiyang Tionghoa lan tiyang manca nagari wonten ing ékonomi Malaysia saéngga saged minggahaken posisi ékonomi [[wong Melayu|tiyang Melayu.[1] Rencana punika kalebet rencana salajengipun saking Rencana Malaysia Kaping Kapisan ingkang gadhah tujuan ngatasi masalah kamlaratan tiyang Melayu.[1] Nanging Rencana Malaysia ingkang kapisan punika kirang ngasilaken, malah dados faktor panyurung wontenipun Insidhén 13 Mèi ing taun 1969, nalika wonten karusuhan rasial ing Kuala Lumpur.[1] Rencana Malaysia ingkang kaping kalih dipunanggep berlebihan ing usaha minggahaken partisipasi tiyang Melayu ing bab ékonomi.[1]

Sababipun[besut | besut sumber]

Padunung Malaysia kathahipun saking tiyang Melayu, nanging kakiyatan ékonomi tiyang Melayu boten saimbang kaliyan tiyang saking suku ingkang sanès. Ing taun 1970, Bumiputra namung nyepengi 1,9% ékonomi Malaysia, non-Melayu (mliginipun tiyang Tionghoa) nyepeng 37,4%, lan turahipun wonten ing panguwaosipun tiyang manca nagari. Fakta punika boten jumbuh kaliyan Pasal 153 ing Konstitusi Malaysia ingkang ngatur watesan ing babagan béasiswa, nyambut damel minangka pegawé nagari, lan sanèsipun ingkang gadhah tujuan supados nyejahterakaken ékonomi tiyang Melayu.[2]

Rencana Malaysia Kaping Kapisan boten saged nyemimbangaken ékonomi Malaysia. Kabijakan ing Rencana kasebat ugi ndadosaken raos boten remen tiyang non-Melayu. Nalika Pamilian Umum taun 1969, tiyang non-Melayu langkung milih parté oposisi ingkang boten sarujuk kaliyan aksi afirmatif dhateng tiyang Bumiputra.[3] Parade kamenangan dipunwontenaken parte oposisi ing tanggal 12 Mèi, ingkang ndadosaken parade walesan déning Organisasi Nasional Melayu Bersatu (parte ingkang gadhah kakuaosan ing Barisan Nasional) ing tanggal 13 Mèi.[3] Parade punika ndadosaken karusuhan ngantos kalih dinten.[3] Watawis 2000 tiyang tiwas, lan éwon tiyang dados tuna wisma. Malaysia dados dharurat, lan sidhang Parlemén dipunbatalaken. Majelis Gerakan Rakyat (Mageran) maréntah Malaysia ngantos dumugi taun 1971, ngantos Parlemén ngawontenaken sidhang malih.[3]

Nalika nyepeng pamaréntahan, Mageran mratélakaken Kabijakan Ékonomi Ènggal ingkang gadhah tujuan ngicalaken kamlaratan lan ngicalaken identifikasi ras wonten ing fungsi ékonomi.[4] Kabijakan Ékonomi Ènggal gadhah targét Bumiputra nyepeng 30% ékonomi wonten ing wekdal kalih dasa salajengipun.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e [Shuid, Mahdi & Yunus, Mohd. Fauzi (2001). Malaysian Studies, hal. 85. Longman. ISBN 983-74-2024-3.]
  2. [Henderson, John William, Vreeland, Nena, Dana, Glenn B., Hurwitz, Geoffrey B., Just, Peter, Moeller, Philip W. & Shinn, R.S. (1977). Area Handbook for Malaysia, hal. 323. American University, Washington D.C., Foreign Area Studies. LCCN 771294.]
  3. a b c d [Means, Gordon P. (1991). Malaysian Politics: The Second Generation, kaca 7-9. Oxford University Press. ISBN 0-19-588988-6.]
  4. a b [Means, Gordon P. (1991). Malaysian Politics: The Second Generation, kaca 24. Oxford University Press. ISBN 0-19-588988-6.]

Pranala njawi[besut | besut sumber]