Radhiasi Èlèktromagnetik

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Radhiasi èlèktromagnetik yaiku kombinasi antarané médhan listrik lan médhan magnet kang nglakoni osilasi lan mrambat ngliwati ruang lan nggawa ènèrgi saka sawijining panggon menyang panggon liyané.[1] Cahya kang katon yaiku sawijining wangun saka radhiasi èlèktromagnetik.[1] Panelitèn teoritis ngenani radiasi elektromagnetik dijenengi elektrodinamik, sub-bidang èlèktromagnetisme.[1] Gelombang èlèktromagnetik ditemokaké déning Heinrich Hertz.[1] Gelombang elektro magnetik kalebu ana ing gelombang tranversal.[1] Saben muatan listrik kang duwé percepatan mancarake radhiasi èlèktromagnetik.[1] Nalika kawat (utawa panghantar kaya antena) ngirimka arus bolak-balik, radhiasi èlèktromagnetik dirambataké ing frekuensi kang padha karo arus listrik.[1] Gumantung saka situasi, gelombang elektromagnetik bisa dadi kaya gelombang utawa kaya partikel.[1] Minangka gelombang, dicirike dening kecepatan (kecepatan cahaya), dawa gelombang, lan frekuensi.[1] Nalika dadi partikel, mereka gelombang dadi foton, lan duwe energi kang ana gandhengane karo frekuensi gelombang dituduhake dening hubungan Planck E = Hf, yaiku E energi foton, h konstanta Planck — 6.626 × 10 −34 J·s — lan f frekuensi gelombang.[1] Einstein banjur nganyari rumus iki dadi Ephoton = hf.[1]

Gelombang èlèktromagnetik[sunting | sunting sumber]

Kang kalebu ing gelombang èlèktromagnetik[2]

Gelombang Panjang gelombang λ
gelombang radhio 1 mm-10.000 km
infra abang 0,001-1 mm
cahya katon 400-720 nm
ultra violèt 10-400nm
sinar X 0,01-10 nm
sinar gamma 0,0001-0,1 nm

Sinar kosmis ora kalebu gelombang èlèktromagnetik merga dawané gelombang luwih cilik saka 0,0001 nm.[2] Sinar kang dawane gelombang gedhe, yaiku gelombang radio lan infra abang, duwé frekuensi lan tingkat ènèrgi kang luwih cendhèk. Sinar kang gelombang cilik yaiku, ultra violèt, sinar x utawa sinar rontgen, lan sinar gamma, duwé frekuensi lan tingkat ènèrgi kang luwih dhuwur.[2]


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]