Pindhahing Kraton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Prabu Parasara kang mindhah kratoné menyang Astinapura

Pindhahing Kraton iku pratata cara pindahing kutha kraton saka siji menyang panggonan liyané. Radén Tumenggung Tirtawiguna awèh kawruh bilih ana sapérangan sarat sajeroning pamindahan Sasana kraton. Marang Sunan, RT Tirtawiguna medharaké kawruh pamindhahing kraton kanthi syarat :[1]

  1. Nalika Raja Parasara mindhah krajané menyang Astinapura, prasajèn kang dibutuhké ya iku pala kirna, pala kesimpar, pala gumantung, pala kependem pala andheng lan kembang setaman kang arum ambuné. Sawisé para pandita ndonga sewengi nutuk, banjur pindhahing kraton bisa kaleksanan.
  2. Prabu Aji Pasama saka Kediri mindhah pusating krajan menyang Witaradya. Sesajèné padha karo sesajèn ing dhuwur katambahan tumpeng rajegan ya iku tumpeng sewu woh-wohan karo daging kéwan sikil papat, iwak kali, iwak manuk lan jajan pasar.
  3. Prabu Déwata Cengkar ing Medhang Kamulan pindah mangètan. Ewadéné sesajèné padha karo Prabu Aji Pamasa katambahan gecok entah. Gecok iki dipasang ing saben pojokan kraton lan prapatan.
  4. Prabu Banjaran Sari saka Pajajaran pindhah menyang Galuh. Sajén kang ana padha karo Prabu Déwata Cengkar. Nanging, ing kéné Ratu lan permaisuri ngaggo klambi pangantén semana uga para abdi dalem.

Urutané bandha[besut | besut sumber]

Bandha-bandha kraton ora bisa dipindhah kanthi sembarang. Urutaning bandha kang dipindhah kudu kaya kang kajlèntrèh ana ing ngisor iki

  1. Beras lan pari
  2. Samubarang kanggo prelu pawon, kaya ta bumbu masak
  3. Kéwan ternak kaya pitik, bèbèk, lan sajinisé
  4. Raja kaya, kéwan sikil papat
  5. Samubarang liyané kang arep dipindhah.

Urutané irit-iritan Ratu[besut | besut sumber]

Sawisé samubarang cumepak kanthi pener, banjur diwiwiti lampah ratu lan permaisuri kraton. Ranggawarsita kanthi tliti nerangaké irit-iritan iku kaya mangkene:[1]

  1. Waringin kurung sakembaran, ya iku wit ringin loro kang katutup kain cindé kang kaapit déning abdi dalem saka padhusunan.
  2. Bangsal pangrawit kang kairingan Abdi Dalem Prajurit Kalang, Gowong, Undhagi, lan Sélakerti.
  3. Gajah kang ditumpaki déning Sunan diapit déning Abdi Dalem Srati.
  4. Turangga (jaran) kang ditumpaki Sunan kairingan Abdi Dalem Gamel.
  5. Para Abdi Dalem Bupati Nayaka Jawi Kiwo lan Tengen, ya iku: Panumping, Panekar, Séwu Numbak Anyar, Siti Ageng Kiwo Tengen, Bumi, Bumija, diiringi Abdi Dalem Kliwon, Panéwu, Mantri, numpak jaran payungan.
  6. Abdi Dalem Bupati Anom Anon-anon sarta Panewu, Mantriné: Abdi dalem:kemasan, greji, pandhé, sayang, gemblak, puntu, samak, tukang laras, tukang warangka, tukang ukir, jlagra, slembar, gupyuh, tukang cekathak, tukang paspor, tukang landhéyan, undhagi, bubut, kendhi, niyaga, badhut, dhalang, tukang prada, tlendhel, kebon dharat, nabuh gamelan: Kyai Surak, Kyai Sekar Delima, Kyai Sekar Gadhung kang kapayungan warna kuning.
  7. Sabanjuré ya iku tukang song-song, tukang pasar, tukang tulup, tukang jemparing, tukang jungkat, teluk, gebyar, tukang lagu, batik Patih Raden Adipati Pringgalaya, lan Patih Adipati Sindureja sarta bandha-bandha upacara kapatihan.
  8. Prajurit Kompeni limang kompi kang numpak jaran.
  9. Bandha upacara Kadipatén Anom kairingan para Abdi Dalem Punakawan, emban, cethi, nyai. Banjur Radén Adipati Anom numpak jaran payungan sajajar karo Mayor Hogendorp kairingan Abdi Dalem Kadipatén Anom lan ditutup déning Pepatih lan Wedana Kadipatén.
  10. Abdi Dalem Prajurit Sarageni lang Sarantaka, disambung kanthi bedhug kairingan Abdi Dalem Merbot, Penghulu, Khatib, Ulama, pradikan numpak jaran lan payugan. Disambung déning Cekal Kyai Baladéwa digawa déning Abdi Dalem kabayan komplit.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Purwani (2005). Mistik Kejawen Pujangga Ronggowarsito. Yogyakarta: Media Abadi. k. 16-26.