Perang Boné

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ilustrasi perng Boné

Perang Boné iku perang ing kutha Boné. Ceritane diwiwiti saka sawisé Walanda gawé Perjanjian Bongaya ing taun 1667 Walanda duwé kakuasaan ing Sulawési Kidul mliginé ing Makassar.[1] Nanging ing abad 19, Walanda wedi wilayah kang wis dikuasai ing Indhonésia bakal direbut déning bangsa Éropah liya dadi Walanda nyatokaké kakuwasaan ing Sulawési Kidul.[1] Gubernur Jenderal Van der Capellen mangkat mara Makassar ing taun 1824 kanggo ngrusi Perjanjian Bongaya.[2] Mitrut wong Walanda, Perjanjian Bongaya iku wis ora mathuk karo sistem imperialismené Walanda.[2] Nanging Karajaan Boné ora setuju karo panganyaran Perjanjian Bongaya, dadi kadadéan Perang Boné.[2] Ibukotané Boné direbut déning Walanda, nanging Karajaan Boné urung nyerah.[2] Ing mangsa iku Karajaan Boné diperéntah déning Raja Putri (ratu).[2] Ing masa pamaréntahané Raja Putri ngawéh perlawanan mara Walanda tekan akèh korban saka Walanda.[2] Ing taun 1835 Raja Putri iku séda, perlawanané rakyat Boné dadi ora sakuwat sadurungé amarga pengganti Raja Putri ora patia kuwat.[2] Karajaan Boné dipaksa déning Walanda, iki wis ngatonaké déné penggantiné Raja Putri ora kuwat.[2] Ing taun 1895 perang kadadéan manéh tekan tan 1860 lan Boné dikalahaké déning Walanda.[2] Perlawanan terakhir saka Karajaan Boné iku ing taun 1908 lan mulé iku Boné resmi ing ngisor kakuwasaané pameréntah Walanda.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b (Badrika, I.B.(2006)."Sajarah untuk Kelas XI Program Ilmu Sosial Jilid 2".Jakarta:Erlangga. Hal.173)
  2. ^ a b c d e f g h i j (Badrika, I.B.(2006)."Sajarah untuk Kelas XI Program Ilmu Sosial Jilid 2".Jakarta:Erlangga. Hal.174)