Menyang kontèn

Pepe (José Manuel Soares)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

José Manuel Soares, uga dikenal kanthi jeneng Pepe (30 Januari, 1908 24 Oktober, 1931), iku juru main bal-balan Portugal sing misuwur. Pepe dilairaké ing Lisabon. Sajeroning kariré sing ora pati suwé, Pepe dadi juru main ngarep lan dianggep juru main bal-balan Portugal sing paling apik.

Ing 16 Maret 1927, ana ing umur 19, Pepe main kanggo kang kapisan, ing Lisabon, sajeroning tim nasional, sing menang 4-0 ngalahaké Prancis. Pepe nyithak loro gol. Pepe main 14 tetandhingan sajeroning tim nasional, nyithak 7 gol. Ing taun 1931, Pepe tiwas amarga karacunan panganan, ing umur 23 ing Lisabon.