Paus kapilih Stephanus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gambar:Stef2pope.jpg
Paus kapilih Stephanus

Stephanus punika satunggiling pastur Roma kapilih minangka Paus ing wulan Maret 752 kanggé nggantosaken Paus Zacharias; panjenenganipun tilar donya amargi stroke sapérangan dinten salajengipun, sadèrèngipun dipuntahbisaken biskop.[1] Panjenenganipun punika satunggiling presbiter kardinal, kanthi titulus San Crisogono (sami titulus kaliyan Kardinal Frederick saking Lorraine, ing tembé wingking Paus Stephanus IX), ingkang kapilih déning Paus Zacharias taun 745.

Panomeran Kapausan ingkang dhobel[besut | besut sumber]

Buku taunan Kapausan nglebetaken Stephanus punika salebetipun pratélan Paus minangka Paus Stephanus II dumugi Konsili Vatikan II (1962–65)ingkang nélakaken bilih panjenenganipun punika sanès satunggiling paus, lan maringaken sesebatan kepausan Stephanus ingkang dipunlajengaken panomeran dhobel kanggé nggambaraken éwah-éwahan punika.[1] Déning panggentosipun, ingkang ugi dipunsebat Stephanus (752–757), ing awalipun dipunsebat minangka Stephanus III nanging sapunika kadhaptar minangka Stephanus II.

Saking taun 752 dumugi taun 942, pitu paus mréntah kanthi nami Stephanus. Awalipun, sadaya paus punika boten dipunbèntenaken amargi panomeran regnal boten dipuntrepaken dhumateng paus dumugi abad angka 10. Sedaya paus punika dipunparingi nami Stephanus II dumugi VIII sasampunipun tilar donya. Paus salajengipun ingkang mundhut nami Stephanus ing taun 1057, sasampunipun panomeran dados kabiyasaan, dipunsebat minangka Stephanus IX salami gesangipun lan panjenenganipun napakastani sadaya dhokumènipun kanthi "Stephanus Nonus Papa" utawi Paus Stephanus IX.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. a b History's great untold stories: larger than life characters & dramatic ... By Joseph Cummins. National Geographic Books. p. 13.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Bishop of Rome, Patrick Saint-Roch
  • Onomastics, Pontifical, Bernd-Ulrich Hergemöller
    in Philippe Levillain (editor), The Papacy: An Encyclopedia, Routledge, 2002, 1780, p. ISBN 0-415-93752-3