Muhammad Fudoli

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Muhammad Fudoli Zaini
Lair8 Juli 1942
Sumenep, Madura
Pati2004
Surabaya, Jawa Wétan
Jeneng liyaMuhammad Fudoli;
M. Fudhaly;
M. Fudoli Zaini
PakaryanSastrawan
BojoHabibah Abdulah Shiddiq
AnakZahra Fudoli,
Latifah Fudoli,
Muhammad Habib Fudoli
Wong tuwaKyai Haji Ahmad Zaini Miftach

Muhammad Fudoli ya iku tokoh muslim kang kondhang minangka cerpenis aliran sufisme.[1] Lair ana Sumenep, Madura, ing 8 Juli 1942.[1][2][3][4] Surud ana Surabaya taun 2004, yuswa 62 taun.[2]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Fudoli ya iku anak mbarepé Kyai Haji Achmad Zaini Miftach.[5] Simbah kakungé ya iku wong sing ngedhegaké pesantrèn ana dhaerah Sumenep, Madura.[5] Dhèwèké gedhé ana tengah kulawarga muslim, dadi pribadhiné kenthel ajaran Islam lan agamis.[5]

Fudoli mbojo karo Habibah Abdulah Sidik taun 1973, banjur duwé anak 3, ya iku, Zahra Fudoli, Latifah Fudoli, lan Muhammad Habib Fudoli.[5]

Pawiyatan[besut | besut sumber]

Sawisé lulus sma, Fudoli nerusaké pawiyatane ana Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta, ning mung sedhéla; dhèwèké luwih milih nèng IAIN Sunan Ampel, Surabaya, lan tamat taun 1966.[2][4][5] Banjur mangkat Kairo, nerusaké ana Al Azhar, njipuk babagan ukum Islam (syariah) lan filsafat.[5] Saliyané iku, dhèwèké sinau sujarah Islam lan sastra ana Institute of Islam Studies, lan Institute of Arabics Studies nganggo béyasiswa saka pamarévvvntah Republik Persatuan Arab lan tamat taun 1968.[2][4][5]

Nyambut Gawe[besut | besut sumber]

Baliné saka Kairo taun 1968, dhèwèké mulang filsafat lan sujarah kabudayan Islam lan mulang ana program Pasca Sarjana IAIN Sunan Ampel Surabaya.[4] Saliyané iku, dhèwèké uga ngurusi pesantrèn ana kutha lairé, Sumenep, Madura.[4]

Ana Donya Kapanulisan[besut | besut sumber]

Fudoli wiwit nulis cerkak lan artikel taun 1960 ngenani pangrembakan karya sastra.[4][5] Akèh karyané kang diemot ana kalawarti Horison.[5] Akèh karyané kang éntuk pahargyan saka manéka instansi.[1]

Dhèwèké wani nguntal kritik kanthi kemasan basa kang alus lan éndah saéngga kritik kang landhep iku ora krasa kanggo pamaca.[5] Dhèwèké dikenal minangka juru tulis kang teliti, sabar, lan alus olèhé ngangkat masalah kang kesane singkat, nanging teka-teka ana bongkot cerita ngagèti amarga nudhuhaké adegan tragis saéngga nggumunaké pamaca.[5]

Salah siji ciriné ya iku dhèwèké kerep nggambaraké tlatah luar negri, ya iku alam Timur Tengah lan akèh cerkaké kang nggambaraké sikap kaimanan tokohé kang sajatiné iya kaca benggalané dhèwèké dhéwé.[5][6] Ngono uga, irah-irahan lan masalah kang kaangkat ana cerkaké.[6]

Fudoli ora ngetokaké wujud anyar ana panulisan cerkak.[4] Cerkaké prasaja, kurang duwé tanjakan dramatik, lan krasa lempeng; nanging kang prelu digatekake, dhèwèké ya iku sijji saka sithik pengarang kang ngangkat uripé wong-wong kanthi latar wuri budaya santi ana cerkaké.[4]

Ana kabar, Fudoli naté nulis cerita irah-irahan Ratu Setan.[6] Isiné sarupa karo novèl Ayat-Ayat Setan karyané Salman Rusdhie kang marai ributé umat Islam sajagad lan éntuk masalah.[6] Sawisé timbang-timbang manèh, sawisé ngematké prosès karieré Salman Rusdhie, Fudoli ora sida nerbitaké novèl Ratu Setan iku.[6]

Karya[besut | besut sumber]

Karya cerkaké Fudoli:
1. Si Kakek dan Burung Dara, éntuk pahargyan salah kalawarti Horison (1966/1967),[5] uga dilebokaké H. B. Jassin ana buku Angkatan '66: Prosa dan Puisi;[2][3]
2. Sisifus, éntuk pahargyan Bebungah Harapan ing Sayembara Penulisan Cerita Pendek Horison taun 1978;[5]
3. Kemarau, éntuk Bebungah Hiburan Sayembara Kincir Emmas Radio Netherland Wereldomroep 1975.[5]

Buku kumpulan cerkak:
1. Potret Manusia;[5]
2. Kota Kelahiran taun 1985, éntuk pahargyan saka Yayasan Buku Utama, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan;[5]
3. Arafah.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Dendy Sugono 2003, kc. 186.
  2. a b c d e Sinematek Indonesia (2005). "Muhammad Fudoli". Perpustakaan Nasional Republik Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 17 September 2016. Dibukak ing 30 July 2016.
  3. a b Mahayana, Maman S. (5 December 2008). "Mohammad Fudoli Zaini: Cerpenis Sufistik yang Terabaikan". sastra-indonesia.com. Dibukak ing 30 July 2016.
  4. a b c d e f g h Salim, Hairus (17 January 2012). "Muhammad Fudoli, dari Pesantren ke Cerpen". NU Online. Dibukak ing 2 August 2016.
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Dendy Sugono 2003, kc. 187.
  6. a b c d e Dendy Sugono 2003, kc. 188.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.

Pranala njaba[besut | besut sumber]