Meuseukat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kuwé Meuseukat

Meuseukat inggih punika dhaharan khas Acèh ingkang setunggal jinis kadosdéné dodol amargi gadhah tèkstur ingkang lembut lan ugi raosipun ingkang legi.[1] Raos legi punika pikantuk saking woh nanas ingkang dipun-ginakaken nalika damel kuwé punika satemah kuwé punika ugi sinebat dhodhol nanas.[2] Werni saking kuwé punika putih amargi namung ngginakaken glepung terigu tanpa ngginakaken pawarna dhaharan. Wondéné warni ingkang kuning punika amargi kuwé punika ngginakaken campuran woh nanas ingkang warninipun kuning.[3]

Filosofi[besut | besut sumber]

Kadosdéné dhaharan saking wewengkon sanèsipun, meuseukat punika ugi gadhah filosofi piyambak ingkang lajeng mapanaken meuseukat punika wonten ing kasta paling inggil kuwé tradhisional khas Acèh.[1] Nalika kaliyan dhayoh masyarakat Acèh kondhang awit tata kramanipun ingkang inggil.[1] Boten namung saking tumindakipun, nanging ugi saking cawisan dhaharanipun. Werni putih wonten kuwé punika ingkang lajeng dipunparingi teges minangka resikipun manah masyarakat Acèh nalika nampi dhayoh.[3]

Ateges makna filosofi ing nginggil, pramila anggènipun nyawisaken dhaharan punika namung ing wekdal tinamtu.[3] Ingkang paling utama inggih punika nalika nampi dhayoh.[4] Kejawi punika nalika mantènan ugi boten saged uwal saking dhaharan punika inggih punika minangka hantaran. Kuwé punika ugi saged dipunpanggihaken nalika dinten ageng kadosdéné Idul Adha lan Idul Fitri. Ancasipun punika boten sanès inggih punika kanggé paring sambutan dhateng kulawarga utawi sedhèrèk ingkang tembé silaturahmi.

Cara Damel[besut | besut sumber]

Anggènipun damel meuseukat punika sami kémawon kaliyan damel dodol. Nalika damel meuseukat punika mbetahaken wekdal ingkang dangu lan ugi kedah tlaten.[5]

  • Nalika damel adonan, sadèrèngipun dipuntambah kaliyan gula, glepung punika dipunmasak rumiyin kanthi ngginakaken toya putih lan toya jeruk ugi nanas. Prayoginipun, jeruk lan nanasipun dipunsaring rumiyin supados boten wonten serat ing salebeting adonan kuwé. Menawi sampun lajeng dipuntambah kaliyan mentéga lan glepung wonten toya gula. Lajeng dipunudhak ngginakaken séndhok kayu mawi geni ingkang alit kémawon dumugi adonan kasebat mateng. Saksampunipun mateng, kuwé kasebat lajeng dipunlebetaken wonten ing wadah ingkang rata saha dipunparingi dhasaran plastik. Pérangan kasebat supados kuwé Meuseukat kasebat boten raket lan nalika badhé dipuniris punika gampil.

Papan Nyadé[besut | besut sumber]

Meuseukat ini boten tamtu saged dipanggihi wonten ing peken-peken tradhisional.[6] Tiyang ingkang badhé mundhut kedah pesen kuwé punika rumiyin amargi kuwé punika namung wonten ing dinten tartamtu. Nanging samenika sampun kathah wewengkon ing sentra kuwé tradhisional Aceh ingkang nyadé dhaharan punika. Kadosdéné kawasan Lampisang, Kecamatan Lhoknga, Aceh Bear utawi ing sapérangan supermarket mliginipun ing toko pigegel Aceh.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c pranala[pranala mati permanèn],teks tambahan
  2. pranala[pranala mati permanèn],teks tambahan
  3. a b c Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng c
  4. pranala,teks tambahan
  5. pranala[pranala mati permanèn],teks tambahan
  6. pranala[pranala mati permanèn],teks tambahan