Mèter

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Meter)

Mèter iku pétungan dhasar kanggo ngukur dawa-cendhak ing sistem ukur SI. Pétungan iki adhedhasar let sing katempuh ing lakuné cahya ing awang-uwung (ruang hampa/vakum) salawasé 1/299.792.458 dhetik. Mèter asring dicekak nganggo aksara m..

milimèter << sèntimèter << dhèsimèter << mèter << dhékamèter << hèktomèter << kilomèter

Sajarah[besut | besut sumber]

Batangan standard Prototipe Meter Internasional kagawé saka platinum-iridium

. Batangan iki kapigunakaké kanggo standar nganti taun 1960. Ing taun iku, sistem SI sing anyar migunakaké dhasaran pètungan spektrum krypton. Ing taun 1983, pètungan mèter kagandhengaké klawan banteré cahya ing awang-uwung.

Mula bukané, meterkatetepaké déning Akademi Sains Perancis (Académie des sciences) kanthi ukuran 1/10.000.000 jarak sadawané kulit Bumi saka Kutub Lor nganti Khatulistiwa ngliwati meridian Paris ing taun 1791, lan ing 7 April 1795 Perancis migunakaké mèter dadi jarak baku kanggo dawa. Ora trep lan mesthi pasé pangukuran mau agawé Biro Abot lan Ukuran Internasional (BIPM - Bureau International des Poids et Mesures) ngukuhaké 1 mèter kanggo jarak antara rong (2) garisan ing batangan platinum-iridium sing disimpen ing Sevres, Perancis ing taun 1889.

Ing taun 1960, nalika laser kabiwarakaké, Konferensi Umum prakara Abot lan Ukuran (Conférence Générale des Poids et Mesures/CGPM) angka 11 nggantèaké définisi mèter kanthi 1.650.763,73 png dawané ombak spektrum cahya oranye-abang atom krypton-86 ing panggonan awang-uwung (vakum). Ing taun 1983, BIPM ngukuhaké mèter kanthi jarak sing diliwati cahya ing vakum ing waktu 1/299.792.458 dhetik (banteré cahya katetepaké 299.792.458 mèter per dhetik). Amarga cepeting cahya ing vakum iku padha waé ing ngendi waé, pétungan iki dianggep luwih pramana tinimbang nganggo ukuran dawané kulit bumi.