Lurik Ngayogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lurik Yogyakarta

Lurik menika nama kain ingkang asalipun saking daerah Jawa, mliginipun ing Yogyakarta. Tembung lurik piyambak saking basa Jawa, lorèk, ingkang tegesipun garis-garis. Lorèk menika nglambangaken sipat prasaja. Sayektosipun kain lurik naming nggadhahi setunggal motif – garis-garis, saé sacara vertikal menapa déné horizontal, werninipun macem-macem nanging wonten ugi ingkang polosan kemawon. Wonten ing Solo lan Yogyakarta dipunsebat amanan wareg.

Sejarah Lurik[besut | besut sumber]

Tenun lurik kinten-kinten sampun wonten wiwit 3.000 taun kepengker. Kain tenun lurik sampun misuwur ing kalangan masarakat jaman Kraton Majapait. Babagan menika saged dipuntingali wonteng ing cariyos Ringgit Beber ingkang nyariosaken satunggiling satriya ingkang nglamar putri raja nganggé alat tenun gendong mingka susuk tukonipun.

Kain lurik nggadhahi tigang corak baken, inggih menika lajur (garis-garis panjang setunggal arah kaliyan seratipun kain), pakan malang (nggadhahi garis langkung wiyar), lan cacahan (corak alit-alit).

Kala semanten, kain corak lurik menika awujud selendang kanggé kemben utawi nggendong. Corakipun naming samadya, awujud garis-garis werni pethak lan cemeng utawi campuran kekalihipun. Tiyang nenun lurik menika digambaraken wonten ing relief Candi Barabudhur. Salajengipun kain lurik dipundadosaken bahan surjan lan beskap kanggé tiyang kakung, menawi tiyang estri kain lurik menika dados bahan damel sinjang, kebaya, kemben, selendang, lan stagen. Langkung-langkung kathah tiyang ingkang ndadosaken lurik menika rasukan padintenan.

Selendang Lurik

Werni kain lurik umumipun peteng, kados ta cemeng, ijem sepuh, coklat sepuh, kuning sepuh, biru sepuh, abrit sepuh, lan sapiturutipun.

Kain lurik menika ageng sanget filosofinipun lan boten saged dipunuwalaken saking kapitadosan lan kawontenanipun wonten ing rupi-rupi upacanten adat. Lurik nggadhahi corak ingkang dipunanggep sakral lan dados sumbering wejangan, pitedah, saha pangajeng-ajeng. Salah satunggiling conto inggih menika lurik gedog madu – biyasanipun dipunginakaken ing upacanten adat mitoni utawi siraman. Corak lasem biyasanipun dipunginakaken kanggé busananipun penganten rikala semanten.

Lurik ing Wekdal Samangke[besut | besut sumber]

Sakmenika lurik sampun dipunproduksi nganggé alat tenun (ATBM). Alat menika langkung moderen lan saged ngasilaken kain lurik ingkang langkung panjang lan wiyar saha langkung cepet. Langkung malih, sakmenika lurik kajawi dados motif rasukan, sampun ugi dipunginakaken kanggé pelengkap busana, interior, dompet, tas, sandal, topi, sarung bantal, taplak meja, lan sapanunggalanipun.

Salah setunggal sentra kain lurik ingkang misuwur inggih menika wonten ing Klathèn, Jawa Tengah, naminipun lurik Prasojo Klaten. Corakipun estu-estu mirunggan. Ewadéné ing Yogyakarta sentra kain lurikipun inggih menika Tenun Sutera Alam Tugu Mas. Kain lurik ing mriki kadamel saking benang sutera.

Rujukan[besut | besut sumber]

Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.

Pranala Njawi[besut | besut sumber]

  1. Tenun Lurik Yogyakarta
  2. Lurik
  3. Mengenal Kain Lurik -- Sejarah Motif dan Fungsi