Laila lan Majnun

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Miniatur Laila Majnun gawéané Nizami

Laila lan Majnun ( لیلی و مجنون Leyli wa Majnun, "Laila lan Majnun") iku carita asmara. Carita iki digawé déning pujangga Pèrsi Nizami Ganjavi lan carita sastra sing kaping telu saka limang carita,Khamsa.

Qays (Majnun) disebut majnun amarga rasa tresna marang Laila ing sekolahané bapaké Laili, nanging ora direstoni déning bapaké Laili. Majnun banjur saya seneng marang Laili lan dheweké ndelengi kanthi permatéi tingkah polahé Laili, mula iku banjur diceluk (مجنون, "edan").

Karya sing digawé déning Nizami iki akeh niru saka carita asliné saka arab, kalebu Amir Khusrow Dehlavi ya iku Majnun wa Leyli (rampung taun 1299), lan versi Jami, rampung taun 1484, akehé 3.860 bait. Crita liya sing niru saka carita asliné saka Arab lan misuwur ya iku Maktabi Syirazi lan Hatefi (ninggal taun 1520), sing misuwur ing Turki lan India.[1]

Carita[sunting | besut sumber]

Majnun tresna marang Layla binti Mahdi bin Sa'ad (luwih dikenal déning sebutan Layla Aamiriya) saka suku sing padha. Dheweké banjur nulis puisi-puisi katresnan marang Layla. Saking kerepé nulis puisi lan ngoyak-oyak Layla, mula dheweké banjur di undang Majnun (gendheng). Nalika dheweké arep nglamar Laila, bapaké Laila ora setuju amarga Laila wis dijodohaké marang wong liya. Nalika Majnun krungu kabar yen Laila arep rabi, dheweke lunga saka kamp suku lan urip ing padang pasir.Kaluwargané wis ora kuwawa ngarep-arep dheweké mulih omah, mula saben dina dheweké dikirimi panganan. Saben dina dheweké maca lan nulis puisi nganggo tongkaté. Layla wektu iku wis ngalih menyang Irak, dheweké lara banjur mati amarga lara ati amarga kelangan demenane. Majnun ditemokake mati ing padang pasir taun 688 AD. Dheweké wis nulis telung bait puisi ing dhuwur watu. Akeh prastawa sing kadadean nalika dheweke mati lan gendheng. Akeh puisine dheweke sing wis disusun dadi siji.

Sejarah lan Pengaruh[sunting | besut sumber]

Literatur saka Pèrsi[sunting | besut sumber]

Saka legendha Iran, kisah Laila Majnun dikenal kanthi basa Pèrsi awit wektu Rudaki lan Baba Taher.

Cathetan suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ Seyed-Gohrab, A. A. (July 15, 2012). "LEYLI O MAJNUN". Encyclopædia Iranica. Diakses pada July 7, 2012. 

Rujukan[sunting | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Laila_lan_Majnun&oldid=1055988"