Kukuban wiyata

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lingkungan pendhidhikan ya iku apa waé kang ana ing sakiwa tengene prosès pendhidhikan.[1] Lingkungan pendhidhikan bisa wujud lingkungan fisik, sosial, budaya, aman lan katentreman.[1] Prosès lan lingkungan pendhidhikan iku ora bisa didhewekake, dadi yèn dipisahake ora bakal bisa nglaksanakake pendhidhikan.[1] Lingkungan pendhidhikan uga bisa dibédakaké miturut panggonan peserta dhidhik urip lan nampa pengalaman pendhidhikan.[1] Ya iku, (1)lingkungan kulawarga, (2)lingkungan sekolah, lan(3)lingkungan masarakat. Telu-telune lingkungan iku mau béda-béda ing isiné kaya ta kaanan, sipat, isiné pendhidhikan, cara kang dienggo, lan subyeke.[1] Sak liyané iku, uga ana kang padha ya iku kabèh mau padha-padha pusate pendhidhikan kang jerone ana peserta dhidhik kang sinau kanggo kepinteran, katrampilan, uga unggah-ungguh.[1]Ki Hajar Dewantara nyebut telung prakara mau kanthi "Tri Pusat Pendhidhikan".[1] Dhasar tri pusat pendhidhikan saka Ki Hajar Dewantara iku asalé saka"tri sentra pendhidhikan" kang nedhahake lingkungan pasrawungan kang dadi panggonan pasinaon kanggo anak.[1] Ki Hajar Dewantara nedhahake lingkungane iku ya iku alam kulawarga, alam keguruan (sekolah), lan alam pergerakan pemudha (masarakat).[1]

LINGKUNGAN PENDHIDHIKAN MITURUT PANGGONE[besut | besut sumber]

1. Lingkungan Kulawarga[besut | besut sumber]

Kulawarga dadi pusate pendhidhikan kang utama.[1] Pendhidhikan ing kulawarga iku ana krana manungsa kepéngin duwé keturunan lan gawé keturunane dadi manungsa kang becik selawase uripé.[1] Mula, pendhidhikan ing kulawarga iku wigati banget kanggo tuwuh lan kembange anak.[1] Saka katrangan ing dhuwur, kulawarga iku ing lakuné duwé akehfungsi kanggo anak.[1] Ya iku: fungsi proteksi, rekreasi, inisiasi, sosialisasi, lan edukasi.[1] Fungsi proteksi iku gawé katentreman lan rasa aman kanggo anak ing papan kulawarga, sarta njaga saka apa waé kang bisa gawé cilakane déning anak.[1] Fungsi proteksi ya iku anak ing kulawarga duwé rasa seneng, bungah, lan tentrem karo anggota kulawarga.[1] Mula, kulawarga iku dadi sarana kanggo bebungahing anak.[1] Fungsi inisiasi ing kulawarga ya iku anak dikenalake karo wong, kéwan, lan kaanan kang anan ing kiwa tengene anak iku, sarta masarakat akèh.[1] Fungsi sosialisasi ya iku anak diwarisake norma, adat, uga unggah-ungguh ing kulawarga lan masarakat.[1] Lan fungsi edukasi ya iku anak diwènèhi sinau déning kulawarga supaya bisa ngembangaké kepinteran uga potensi dhiri lan supaya bisa dadi duwé pribadi kang wutuh.[1]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t Wahab, Rochmat Memahami Pendidikan & Ilmu Pendidikan.ISBN 979-9943-21-3. LAKSBANG MEDIATAMA.Yogyakarta. (2009:195-211)