Komisi Penyiaran Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Logo KPI

Komisi Penyiaran Indonésia utawi ingkang asring dipuncekak KPI inggih punika salah satunggaling lembaga independen ing Indonésia ingkang kedhudhukanipun sak tingkat kaliyan lembaga nagara sanèsipun ingkang gadhah fungsi dados regulator ingakng ngawontenaken penyiaran ing Indonésia. Komisi punika madeg wiwit taun 2002 inggih dipunbentuk dhedhasar Undhang-undhang Républik Indonésia no. 32 taun 2002 ngèngingi penyiaran.[1] KPI kapérang dados Lembaga Komisi Penyiaran Indonésia Pusat (KPI Pusat) lan Komisi Penyiaran Indonésia Laladan (KPID) ingkang makarya ing wewengkon sak tingkat provinsi. Wewenang lan lingkup tugas Komisi Penyiaran ngambah tata aturan penyiaran publik, Lembaga Penyiaran Swasta, lan Lembaga Pnyiaran Komunitas. Ing wekdal punika, Komisi Penyiaran Indonésia dipunpandhegani déning Sasa Djuarsa Sendjaja.

Latar Belakang

Undhang-undhang Penyiaran Nomor 32 Taun 2002 inggih dados dhasar ingkang paling wigati kanggé minangka Komisi Penyiaran Indonésia (KPI). Ingkang saged dados semangatipun, inggih punika ngemunah sistem penyiaran ingkang wujud ranah publik ingkang kedah dipunkelola déning satunggaling badan inependen ingkang bébas saking campur tangan para ingkang gadhah modal utawi kapentingan kakuasan. Béda kaliyan semangat wonten ing Undhang-undhang penyiaran sadèrèngipun, inggih punika Undhang-undhang no. 24 Taun 1997 pasal 7 ingkang andharanipun kados makaten:"Penyiaran dipunkuaosi déning nagara ingkang pembinaanipun lan pangendhalenipun dipuntindakaken déning pamaréntah", ingkang nedahaken bilih penyiaran ing wekdal punika inggih péranganing instrumen kakuasan ingkang dipun-ginakaken kanggé kapentinganippun pamaréntah piyambbak.

Struktur Lembaga

Adhedhasar Undhang-undhan Nomor 32 Taun 2002, Komisi Penyiaran Indonésia kapérang dadis KPI Pusat lan KAPI Laladan (tingkat provinsi). Anggotanipun KPI Pusat (9 tiyang) ingkang dipunpilih déning Dewan Perwakila Rakyat (DPR) RI lan KPI Laladan (7 tiyang) ingkang dipunpilih déning Dewan Perwakilan Rakyat Laladan (DPRD) tingkat provinsi. Lan salajengipun, anggaran kanggé program makarya KPI Pusat dipunparingi beya déning APBN (Anggaran Pendapatan Belanja Nagara) lan KPI Laladan ingkang dipunparingi beya déning APBD (Anggaran Pendapatan Belanja Laladan) saben provinsi.[2] Kangge nindakaken tugasipun, KPI dipunbiyantu déning sekretariat tingkat eselon II ingkang stafipun kapérang dados staf pegawe nagari sipil (PNS) saha staf propesionale non PNS. KPI inggih wujud peran saha masarakat ingkang gadhah fungsi kanggé madahi aspirasi saha makili kapentinganipun masarakat kanggé penyiaran kedah ngrembakakaken program-program makarya ngantos pungkasaning makarya kanthi tansah nggatosaken ancas ingkang dipunamanataken déning Undang-undang Nomor 32 taun 2002 Pasal 3:

Penyiaran dipunadani kanthi ancas kanggé ngukuhaken integrasi nasional, saged mbina watek lan jati dhiri bangsa ingkang beriman lan bertaqwa, nyerdhasaken pagesangan bangsa, majengaken kasejahteraning umum, kanggé yasa masarakat ingkang swatantra, demokratis, adil, lan sjahtera, saha nuwuhaken indhustri penyiaran Indonésia

Kangge nggayuh ancasipun kasebat, organisasi KPI kapérang dados tigang babagan:

  • Babagan Kelembagaan, ingkang nangai perkawis wontenipun gegayutan ing antawisipun lembaga KPI, koordinasi KPID saha pangrembakaning lembaga KPI.
  1. S. Sinansari Ecip (Koordinator/Anggota)
  2. Mochamad Riyanto (Anggota)
  • Babagan Struktur Penyiaran, gadhah tugas kanggé nangani perizinan, indhustri lan bisnis penyiaran.
  1. Selamun Yoanes Bosco (Koordinator/Anggota)
  2. M. Izzul Muslimin (Anggota)
  3. Amar Ahmad(Anggota)
  4. Bimo Nugroho Sekundatmo (Anggota)
  • Babagan Pengawasan Isi Siaran, nangani pemantauan isi giyaran, pengaduan masarakat, advokasi lan literasi médhia.
  1. Yazirwan Uyun (Koordinator/Anggota)
  2. Fetty Fajriati Miftach (Anggota/Merangkap Wakil Ketua KPI Pusat)
  3. Sasa Djuarsa Sendjaja (Anggota/Merangkap Ketua KPI Pusat)

Cathetan suku

  1. Dasar Pembentukan (dipunundhuh tanggal 4 Pebruari 2013)
  2. Struktur Sekretariat (dipunundhuh tanggal 4 Pebruari 2013)