Kemiosmosis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Diagram fosforilasi kemiosmosis

Kemiosmosis minangka sawijining mekanisme pangkopelan ènergi kanthi nggunakake ènergi kang kasimpen kanthi wujud gradien H+ kanggo nggerakake kerja seluler.[1][2] Ing mitokondria, ènergi kanggo pambentukan gradien asalé saka reaksi redoks eksergonik lan sintesis ATP minangka kerja kang ditindakake.[1] Nanging kemiosmosis uga kedadeyan ing panggonan liya, lan warna-warna.[1]

Sadurunge, Rosenberg ndefinisekake sawijining prosès kang nyebabake pindhahe sawijining substansi saka sawijining area kang duwé ènergi potensial elektrokimiawi luwih endhek anuju ing panggonan kanthi ènergi potensial kang luwih dhuwur, minangka transpor aktif.[3] Pindhahing bak nantang arus gradien potensial elektrokimiawi iki, mbutuhake asupan ènergi lan mekanisme kopling supaya asupan ènergi mau bisa nggerakake pindhahing substansi.

Amarga definisi Rosenberg dianggep duwé titik kelemahan, Peter Dennis Mitchell gawé definisi ulang kang diarani facilitated diffusion, ya iku pindhahing substansi kanthi sekunder kang ora ana gegayutane langsung karo reaksi kimiawi lan metabolis, antarané rong titik kang dipisahake déning alangan osmotik kang duwé simpor utawa kotranspor ing alangan mau. Reaksi ing simpor mau ngupaya ngancik titik ekuilibrium, saéngga arah ngalihe saka siji substansi ing simpor bakal nyebabake substansi liya obah ing arah kang padha, sanajan kabèh mau ateges nantang arus ènergi potensial elektrokimiawi.

Kloroplas nggunakake kemiosmosis kanggo ngasilaké ATP nalika fotosintesis ing organel iki, cahya (lan dudu ènergi kimiawi) nggerakake aliran elektron mudhuni rante transpor elektron lan pambentukan gradien H+. Prokariot kang ora duwé mitkondria lan kloroplas ngasilaké fradien H+ ngiteri membran plasmae.[1] Gradien iki banjur nyekel gaya gerak proton ora mung kanggo nggawé ATP nanging uga mompa nutrien lan produk limbah ngiteri membran lan kanggo ngubengake flagela.[1]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e Campbell NA, Reece JB, Mitchell LG. 2002. Biologi, Edisi Kelima, Jilid I. Jakarta: Erlangga. Hal:171-173, 126 ISBN 979-688-468-2
  2. ^ Madigan MT, Martinko JM, Dunlap PV, Clark DP. 2008. Biology of Microorganisms 12th edition. San Francisco: Pearson. Hal:123-124 ISBN 0-13-196893-9
  3. ^ "Conservation and Transformation of Energy by Bacterial Membranes - A NOTE ON TERMINOLOGY" (pdf). National Jewish Hospital and Research Center and Department of Microbiology, University of Colorado Medical Center, ; F. M. Harold. k. 174. Dijupuk 2010-07-18.  line feed character ing |title= ing posisi 45 (pitulung)