Kalus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kalus 1
Kalus 2

Kalus inggih punika sekempalan sèl amorphous (botèn wujud utawi dèrèng terdiferensiasi) ingkang wujud saking sèl-sèl bélah kanthi in vitro utawi ing salébéting tabung.[1] Kalus saged pikolèh saking pérangan tanduran kaya ta oyot, batang lan godong.[2] Secara histologi, kalus asalipun saking pembelahan ingkang terus-terusan sèl-sèl parènkim ing kiwa-tengené berkas pengangkut lan pinten-pinten Èlèmèn penyusun berkas pengangkut kéjaba xilem.[3] ing teknik kultur jaringan (in vitro), kalus saged diinduksiaken kaliyan nambahakén zat pengatur tumbuh ingkang jumbuh ing mèdia yang kultur, tuladhanè auksin lan sitokinin ingkang dipunjumbuhakèn.[1] manawi konsèntrasi auksin langkung ageng saking sitokinin mila kalus badhé kabèntuk, manawi ing konsèntrasi sitokinin langkung ageng dipunbandingakèn kaliyan konsèntrasi auksin mila ingkang kabèntuk botèn kalus, ananging tunas.[4] Selain zat pengatur tukul utawi hormon pertumbuhan, nambahakèn vitamin saha protein ugi dipunperluake kanggé pertumbuhan kalus.[5] Induksi kalus ing salèbéting teknik kultur jaringan tanduran dipunpérluakèn kanggé munculakèn keragaman sèl somatik ing kultur in vitro lan meregenerasikan sèl mau dados embrio somatik.[6]. Kalus inggih punika massa sel ingkang belah ananging dèrèng terdiferensiasi ing ujung tunas ingkang dipotong.[7] Kalus ugi dipuntepang dados callosity inggih punika lelara kulit ingkang sampun ditandai dumadi daerah kandel saha atos ing kulit ingkang katingal amergi wonten gesekanterus-terusan utawa abot. Limrahipun dipuntemuaken ing tonjolan ing samparan utawi telapak tangan. Kapalan jinis kalus ingkang kadadosan ing lapisan kulit alus ingkang boten gadhah rikma, kados ta racikan, ananging racaké langkung alit, meradang ugi keraos gerah. [8] Kalus inggih punika kempalan sel-sel ingkang dumadi saking sel-sel parenkhima ingkang belah lan boten terorganisir. Ing alam (in vivo) fenomena bantuk kalus kadadosan ing lelara tumor taneman ingkang dipunsebapaken infeksi déning mikroorganisme bakteri Agrobacterium tumefaciens ing pérangan taneman amergi gigitan serangga utawa nametoda. Kalus saged dipuninisiasi saking sadaya pérangan taneman, anaging organ lan jinis taneman ingkang bebten badhé nunjuaken kacepatan belah sel.[9] Kalus inggih punika suatu kumpulan sel amorphous ingkang kadadosan saking sel-sel jaringan ingkang nyigar diri kanthi terus menerus. Penelitian pembentukan kalus ing jaringan terluka kawiwitan dipunlampahi déning Sinnott ing taun 1960. Pembentukan kalus ing jaringan luka dipunpacu déning zat pengatur tumbuh auksin lan sitokinin endogen (Dodds & Roberts, 1983). Secara in vivo, kalus ing limrahipun dumadi ing bekas-bekas luka amargi serangan infeksi mikro organisme kados ta Agrobacterium tumefaciens, gigitan utawi tusukan serangga lan nematoda. Kalus ugi saged dumadi dados akibat stress (George & Sherrington, 1984). Kalus ingkang dipunakibataken déning asil sakingi infeksi bakteri Agrobacterium tumefaciens dipunsebut tumor.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Sudarmadji. 2003. ngginakaken Benzil Amino Purine ing tanduran kalus kapas kanthi In Vitro. Buletin Teknik Pertanian Vol. 8, N0. 1
  2. ^ Moega JP. 1991. Dasar-dhasar Génètika Pemuliaan Tanduran. Jakarta: Erlangga
  3. ^ Trisnawati NN, Lawrie AC, Sumardi I. 1999. The developmental pattern of callus and somatic embryo from young leaf of garlic (Allium salivum L.) Biologi 2(7): 365-379
  4. ^ Gunawan LW. 1987. Tèknik Kultur Jaringan. Laboratorium Kultur Jaringan PAU Bioteknologi Institut Pertanian Bogor, Bogor.
  5. ^ Rahardjo PC. 1989. Kultur Jaringan. Jakarta: Penebar Swadaya
  6. ^ Aisyah SI, et al.. 2007. Induksi kalus èmbriogènik ing kultur in vitro jagung (Zea mays L.) manawi ing pawiyatan ningkatakèn keaneragaman genetik nglampahi variasi somaklonal. Jurnal Ilmu-ilmuPertanian Indonesia. Edisi Khusus, No. 3 2007, Hlm. 344-350
  7. ^ "buku1"Campbell,Neil A,dkk."BIOLOGI Edisi Kedelapan Jilid 1".ISBN.Erlangga.Jakarta.(2008:A-16)
  8. ^ Perspectives Kalus(dipununduh Tanggal 19 Oktober 2012)
  9. ^ Induksi dan Kalus(dipununduh Tanggal 19 Oktober 2012)