Kaisar Jingtai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kaisarj.jpg

Kaisar Jingtai (Hanzi: 景泰, 1428-1457) ya iku kaisar kaping 7 saka Dinasti Ming kang mrentah Tiongkok nalika taun 1449 nganti tekan taun 1457.[1] Jeneng asliné ya iku Zhu Qiyu (朱祁钰).[1] Dhèwèké putra saka Kaisar Xuande lan adhi kuwalon saka Kaisar Zhengtong.[1] Taun 1449, amarga anané kadadéan Insiden Tumubao, ya iku nalika kakange, Kaisar Zhengtong, kalah perang lan dadi tawanane Esen Khan saka Mongol, saka pamrayoga saka para menteri ibusuri banjur ngangkat dhèwèké dadi kaisar kanggo ngisi kakuwasaan kang kosong.[1] Nalika sasi September ana ing taun kang padha dhèwèké njenengi rezime Jingtai.[2] Sawisé bertahta dhèwèké duwé pangkat Yu Qian.[2] Yu nguwati angkatan perang Ming kanggo ngadepi prajurit Mongol kang maju terus kanggo nguwasani Beijing.[2] Amarga lelabuhané Yu, wadya Mongol bisa dikalahake lan dipeksa kanggo negosiasi damai lan mbaleke Zhengtong kang ditawan.[2] Amarga bantuwan saka Yu Qian, Jingtai banjur musatake perhatian marang perkara kang wigati.[2] DHeweke mènèhi prentah renovasi Kanal Besar lan tanggul-tanggul kang na ing laladan Kali Kuning.[2] Hasile ya iku ékonomi nagara bisa tumbuh lan nagara dadi saya kuwat.[2] Jingtai terus mrentah nganti tekan taun 1457.[2] Sawijining dina putrane mati kanthi cara kang misterius, isu kang nyebar ya iku dhèwèké mati amarga diracun.[2] Perkara iki ndadèkaké dhèwèké nelangsa banget kang ndadèkaké banjur lara.[2] Kesempatan ini digunakaké déning para menteri kang ora seneng marang dhèwèké, kanggo nyerbu pura kidul lan mbebasaken Zhengtong saka tahanan omah.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]