Ngèlmu alam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Ilmu alam)
Tumbuh-tumbuhan merupakan salah satu obyek yang dipelajari olèh ilmu alam

Ngèlmu alam (Inggris: natural science; utawi ngèlmu kawruh alam) inggih punika istilah ingkang dipunginaakèn kanggé merujuk ing rumpun ilmu ing pundhi obyeknya inggih punika bènda-bènda alam kaliyan hukum-hukum ingkang mèsti lan umum, kalampahan ing wanci punapa lan ing pundhi kèmawon.[1] Sains (science) dipunpèndèt saking tèmbung latin scientia ingkang tègèsipun harfiahnipun inggih punika pengetahuan. Sund lan Trowbribge ngrumusakèn manawi Sains punika kumpulan pengetahuan lan prosès.Ananging Kuslan Stone nyèbatakèn manawi Sains inggih punika kempalan pengetahuan lan cara-cara kanggé angsal lan ngginaakèn pengetahuan punika. Sains punika produk lan prosès ingkang boten saged kapisahakèn. "Real Science is both product and process, inseparably Joint" (Agus. S. 2003: 11)

Sains dados prosès punika langkah-langkah ingkang dipuntempuh para ilmuwan kanggé nglampahi penyelidikan ing rangka madosi penjelasan babagan gejala-gejala alam. Langkah kasebut inggih punika merumusken prekawis, merumuskan hipotesis, ngrancang eksperimen, ngumpulaken data, nganalisis lan pungkasaning nyimpulaken. Saking ngriki katingal manawi karakteristik ingkang dhasar saking Sains inggih punika kuantifikasi tegesé gejala alam saged wujud kuantitas.
Ilmu alam nyinaoni aspek-aspek fisik lan nonmanusia babagan Bumi lan alam sakkeliling. Ilmu-ilmu alam mbentuk landasan kanggé ilmu terapan, ingkang kalihipun dipunbentenaken saking ilmu sosial, humaniora, téyologi, lan seni.

Matematika boten dipunanggep dados ilmu alam, ananging dipun-ginakaken dados penyedia piranti utawi perangkat lan kerangka makarya ingkang dipun-ginakaken ing ilmu-ilmu alam. Istilah ilmu alam jugi dipun-ginakaken kanggé ngenali "ilmu" dados disiplin ingkang ndhèrèk métodhe ilmiah, bènten kaliyan filsafat alam. Ing sekolah, ilmu alam dipunsinaoni kanthi umum ing mata wulangan Ilmu Pengetahuan Alam(biyasa dipuncekak IPA).

Tingkat kepastian ilmu alam relatif inggil ngingat obyekipun ingkang kongkrit, amargi hal punika ilmu alam lazim ugi dipunsebut ilmu pasti[1].

Cabang utama[besut | besut sumber]

Cabang-cabang utama saking ilmu alam inggih punika:

Pendidikan ilmu pengetahuan alam ing Indonésia[besut | besut sumber]

Kedudukan ilmu pengetahuan alam (IPA)[besut | besut sumber]

Ilmu ngerembag kaliyan pesat, ing dasaripun ilmu ngerembag saking kalih cabang utama inggih punika filsafat alam ingkang lajengipun dados rumpun ilmu-ilmu alam (the natural sciences) lan filsafat moral ingkang lajengipun berkembang ing ilmu-ilmu sosial (the social sciences). Ilmu-ilmu alam kapérang dados kalih kelompok inggih punika ilmu alam (the physical sciences) lan ilmu hayat (the biological sciences) (Jujun. S. 2003). Ilmu alam inggih punika ilmu ingkang nyinaoni zat ingkang mbentuk alam semesta ananging ilmu hayat nyinaoni makluk hidup ing salebeting. Ilmu alam salajengipun bercabang malih dados fisika (nyinaoni massa lan ènergi), kimia (nyinaoni substansi zat), astronomi (nyinaoni benda-benda langit lan ilmu bumi (the earth sciences) ingkang nyinaoni bumi piyambak.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Vardiansyah, Dani. Filsafat Ilmu Komunikasi: Suatu Pengantar, Indeks, Jakarta 2008. Hal 11.

Pranala keluar[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Cithakan:Ilmu-stub