Menyang kontèn

Grabah Kasongan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Grabah Kasongan ing Bantul

Grabah Kasongan ngrembaka wonten ing Padhekahan Kajèn, Kalurahan Bangunjiwa, ananging langkung dangu produksi grabah punika sumebar dugi padhekahan sanèsipun kados ta: Kalipucang, Tirta, lan Gedhongan.

Cariyos Bab Asal-usulipun Grabah Kasongan

[besut | besut sumber]

Menawi kita badhé tumuju dhateng séntra karajinan grabah ing Kasongan, kita bakal manggihi lan miyos gapura ageng. Gapura punika kaapit patung jaran wonten sisih kiwa kaliyan sisih tengen.

Patung jaran punika wonten gandhèng cènèngipun kaliyan sejarah Kasongan. Kala semanten, kawontenanipun pengrajin grabah ing dhusun punika amargi wonten jaran ingkang pejah ing saktengahipun sabin ing wekdal kolonial.

Amargi jaran punika kagunganipun tiyang Walanda, warga dhusun dados sami ajrih; mila, piyantun ingkang kagungan sabin punika lajeng masrahaken sabin punika dhateng tiyang Walandi supados piyambakipun boten dipun padosi kaliyan tiyang ingkang kagungan jaran. Sasampunipun sawetawis wekdal, warga sanès inggih tumindak kados mekaten ugi.

Warga ingkang "kécalan" sabinipun lajeng ngupaya supados saged pikantuk pakaryan kanggé gesang. Piyambakipun sami ngempalaken lempung kanggé damel piranti pawon lan donalan kanggé laré-laré.

Pangrembakan

[besut | besut sumber]

Karajinan grabah Kasongan sampun dados salah satunggiling ikon Kabupatèn Bantul. Dados boten nggumunaken menawi dipun priksani maneka warni grabah ing sapiturutipun margi ing Bantul. karajinan grabah wonten ing Bantul punika gadhah ciri khas piyambak. Amargi punika, séntra karajinan grabah Kasongan ingkang punjeripun wonten ing Bantul punika asring pikantuk pesenan saking kitha-kitha sanès ing Indonésia, malah kepara sampun dipun ekspor dhateng nagari-nagari manca.

Séntra karajinan grabah Kasongan punika sampun kawiwitan lami mila sedaya jinis grabah ing mriki kwalitasipun sae lan reginipun mirah. Pengrajin grabah Kasongan inggih sami kreatif, Panjenengan saged manggihi produk-produk ingkang kadamel saking bathok kelapa, reni-reni kajeng lan pring ingkang dipun ukir lan hias nganggé hiasan ingkang èdi pèni. Produk-produk punika awujud dosgrip (wadah potlot, setip, bolpen, lsp.), patung-patung ingkang èndah lan ukuranipun benten-benten, guci ingkang wonten motifipun, lan pot kembang ingkang asring dipun sebat wuwung.

Jinisipun grabah

[besut | besut sumber]

Jinis karajinan grabah Kasongan punika werni-werni, kados ta asbak, guci, pot kembang, patung, suvenir, lan sapanunggalanipun.

  • Pot Taneman

Pot saking grabah punika nggadhahi nilai seni ingkang boten sepele. Awit punika, pot taneman saking grabah punika reginipun radi awis.

Ing wekdal pamarèntahanipun Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ngantos Sri Sultan Hamengku Buwono IX, pot taneman wonten Kasongan punika dipun remeni sanget kaliyan tiyang kathah. Kepara panguwaosipun Kraton Ngayogyakarta menika inggih mundhut grabah Kasongan kagem damel saènipun taman-taman wonten ing kraton.

Langkung dangu pot taneman saking grabah Kasongan langkung kathah jinis corak lan wujudipun saèngga langkung kathah péhak ingkang mesen karajinan gerabah saking Kasongan.

  • Gendhèng

Para pengrajin dhusun Kasongan panci kreatif anggènipun damel karajinan. Produk karajinanipun inggih wonten ingkang saged dipun agem konstruksi bangunan. Salah setunggal pengrajin ingkang kreatif punika inggih Sarijo, sarjana muda lulusan saking Universitas Negeri Yogyakarta.

Sarijo kanthi bekal pendhidhikanipun wonten Paguron Dhuwur damel rancangan ènggal ingkang nggadhahi konsep unik lan pèni. Sarijo fokus damel usaha grabah khusus bahan bangunan utaminipun gendhèng ingkang langkung asring dipun sebat wuwungan.

Wuwungan ingkang dipun damel dening Sarijo nggadhahi detail rumit lan ciri khas piyambak. Karajinan punika karancang kanthi teliti kagem uparengga gendhèng.

  • Jubin Terakota

Seni karajinan grabah Kasongan inggih wonten ingkang wujud jubin terakota. Bagian ngandhap konstruksi punika dipun kréasi dening pengrajin saèngga saged ngasilaken keramik ingkah èndah, natural, lan unik wujudipun.

  • Piranti Pawon

Pengrajin ing dhusun Kasongan boten naming kakung nanging ugi wonten tiyang setri ingkang langkung pirsa uba rampénipun pawon. Ing wiwitan, grabah dipun agem dados piranti pawon kados ta: keren, kwali, piring, mangkok, lan sakpiturutipun.

Piranti pawon ingkang dipun damel para pengrajin dhusun Bangunjiwo punika inggih nggadhahi nilai seni saha kenthel unsur budaya Jawanipun, mila boten nggumunaken menawi produksi grabah Kasongan saged damel pelancong lokal utawi manca kepengin tindak dhateng Kasongan.

Kajawi saged mirsani maneka warni bentuk lan modhel grabah, Panjenengan ugi saged praktèk ndamel gerabah sacara langsung nalika Panjenengan tindak dhateng séntra grabah Kasongan punika.

Rujukan

[besut | besut sumber]
Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.

Pranala jawi

[besut | besut sumber]
  1. Desa Wisata Kasongan Desa dengan Sejuta Gerabah di Bantul
  2. Seni Gerabah Kasongan Sejarah yang Dilupakan, namun Punya Nilai Ekonomi
  3. Yuk Mengenal Sentra karajinan Gerabah Kasongan dari Daerah Yogyakarta Ini
  4. Mengenal Gerabah Kasongan Yogyakarta yang Mendunia
  5. Desa Wisata Kasongan, Desa dengan Sejuta Gerabah di Bantul