Fakhri Semekot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Fakhri Semekot (57) ya iku wong kang wis ngasilake atusan karya seni lan budaya. Semekot ya iku singkatan saka “semeter kotor” ingkang nggambarake ecenan karo duwur awake Fakhri sing dianggep ora ngasi sak meter, nanging hal iku ra gawe fakhri cilik ati. Nanging ecenan kuwi ndadeake merek dagang lan saiki luweh dikenal Fakhri Semekot.[1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Ing era 1980-an Fakhri nggawe grub lawak Semekot ingkang cukup terkenal ana ing Tanah Air. Semekot wes tau juara 1 katagori grup ngalahake grub Bagito ana ing lomba awak KNPI ing Jakarta 1985. Bakat lawak menika amarga asuhan saka kakang kandunge pelawak Yohazar ingkang dikenal Otong Lennon.[1]

Fakhri muleh ana ing Riau lan nglanjutake Kuilah ana ing Pekanbaru ing Fakultas Sastra Universitas Lancang Kuning. Fakhri wes tau nangani lima program TV ingkang salah sijine Komedi Ongol-ongol. Fakhri wes tau dadi sutradarakaliyan pemain utama ana ing program menika ingkang ngasilake luweh saka 100 episode. Fakhri nduweni keprihatinan kaliyan Randai Kuatan, ingkang asale saka nggon kelairane Kuantan. Saka perengahan 1970-an, Randai Kuantan kaya mati suri.[2]

Pendidikan :[1]

– SD Benai Lulus tahun 1972

– SMP Benai 1979

– SMP (Sekolah Menengah Pembangunan Persiapan) 49 Pekanbaru,1982

– Fakultas Sastra Universitas Lancang Kuning 1988

Istri : Saripah

Anak :

– 1. Tia Suci Permata sari

– 2. Rabiul Misqa Hagi

– 3. Tigo Imnuari RhamadanBuku :

– Kayat Rantau Kuantan

– Syair Ikan Terubuk

– Kerajaan Indragiri

– Permainan Rakyat Kuantan Singingi

– Penelitian Katalog Naskah melayu

– Cerita Rakyat Indragiri Hulu[1]

Sejarah[besut | besut sumber]

Randai Kuantan ya iku seni tradisi teater rakyat ingkang digabung kaliyan unsur musik, tarian lan nyayian. Seni menika asale saka Randai Sumatra Barat, nanging dimodifikasi miturut budaya ing sekitar. Sing mbedakke Randai Kuantan kaliyan Randai Sumatra Barat ana sing katrepake unsur biola, gendang, lan sakliyane, nyanyian lan tarian. [1]

Nyayian lan tarian ana ing Randai Kuantan diselipke kanggo jeda atar babak teater rakyat. Nalika mandek, pertunjukan tarian bisa dimeloni karo kabèh penonton. Malah ana ing lakon teater, penonton oleh melu interaksi, persis kaya lenong Betawi. Kuwi sing gawe Randai Kuantan Istimewa. Meredupnya Randai Kuantan yaiku amarga kalah saing kalian fenomena organ tunggal. Apa maneh wektu semana akeh wong tua ingkang nglarang anake kanggo main randai. Seni panggung menika dianngep kampungan amarga katah dimainke kalangan ngisor utawa wong kang ora berpendidikan. Pertunjukan randai mangan waktu, biasane wiwit saka mbengi ngasi isuk. Saengga dianggep luwih akeh mudarat dibanding manfaat[1]

Ing tahun 1987, Nalika mahasiswa Fakhri nggadahi niat kanggo nguripake maneh Randai Kuantan. Fakhri bali ana kampung halaman kanggo nekani para seniman lokal. Fakhri nekani tokoh Kuantan, Ruastam Abrus lan tokoh liyane kanggo njaluk tulung. Fakhri bisa ngumpulke 22 unit biola banjur diserahake karo seniman ing kampung kampung. Randai akhire urip. Ora tekan kono, Fakhri nekani Bupati Indragiri Hulu njaluk bantuan dana kanggo nglaksanaake Festifal Randai ing Teluk Kuantan. Kanggo ngirit biaya, Fakhri nggandeng Polsek Kuantan, nalika kuwi grup sing main namung 4 grub. Setahun sakwise, Fakhri ngadaake maneh festival ing Teluk Kuatan, pesertane dadi 14 grub. Sakwise 2 tahun grup sing partisipasi dadi 30.[1]

Ing Pekanbaru, Fakhri mbentuk grup Randai Kuantan ingkang anggotane mahasiswa asal Kuantan. Ana ing acara ulang tahun Ikatan Keluarga Benai, Kuantan, grup iku tampil perdana, sambutan ingkang luar biasa. Fakhri Semekot nggawe Randai Kuantan ora mati suri maneh.[1]

Fakhri nggawa tim saka kampung-kampung ing Padang Panjang, Sumatra Barat 1997. Ing 2006, Fakhri nggawa tim ing Taman Ismail Marzuki lan Taman Mini Indonesia Indah, Jakarta tahun 2007. Tahun 2010 ing Bali lan tahun 2012 ing Kuala Lumpur.[1]

Jeneng Fakhri kraket karo Randai Kuantan. Sing seneng akeh banget. Seniman lokal kerep ngumumke rencana tekane Fakhri ing kampung. Biasane wong wong bakal teka seka pelosok mung kanggo ndeleng latihan Randai Kuantan.[1]

Fahkri iseh kerep ng kampung halaman kanggo ndeleng utawa ngewenehi nasihat teknis karo para seniman daerah. Fakri wes dianggep pembina Randai Kuantan. sing mesti nganggo dana pribadi. Saiki Fahri mulai ngurangi aktivitan amarga anggota gerak mulai terganggu amarga asam urat, pendengaran ya terganggu, saengga komunikasi dadi luwih angel. Naing katresnanan Fakhri kaliyan Randai Kuanta ora tau luntue. Fakri iseh duwe siji impen yaiku nampilke Randai Kuantan ing festifal foklor Internasional ing Eropa. Kegigihan, keuletan kaliyan Randai Kuantan, wes nggawe awake dadi maestri budaya khas Riau.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k Rangkuti, syahnan (2018-11-28). "Fakhri Semekot Membuat Randai Kuatan Tak Lagi Mati Suri". Kompas.
  2. kompas.id (2018-11-24). "'Randai Kuantan' No Longer Unconscious". Kompas.Id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-05-14.