Dolalak

Dolalak ya iku kesenian saka tlatah Purwareja kang awujud akulturasi budaya saka Walanda lan budaya tradhisional Purwareja. Nalika jaman Hindhia Walanda, Purwareja didadèkaké salah sawijining papan kang kanggo latihan militèr bala kang ora mung saka tlatah Purwareja waé. Para bala mau urip ing tangsi (barak). Kanggo panglipur, para bala mau yèn wayah bengi padha jejogèdan, nyanyi, pencak silat, uga ana kang dansa.
Rejo Taruno, Duliyat, Ronodimejo saka dukuh Sejiwan désa Trireja Kacamatan Loano lan pawongan liyané kang naté dadi bala bareng-bareng padha ngadegaké kesenian. Ing wiwitan, kesenian iki ora ana intrumèn kang mbarengi, mung tembang kang dinyanyèkaké bebarengan (koor)[1]. Kesenian iki desenengi déning masarakat. Amarga disenengi, kagunan jogèd iki banjur diwènèhi instrumèn lagu-lagu tangsi kang didominasi déning notasi do-la-la[2]. Saya suwé kesenian iki dijenengi dolalak.
Klambi kang dianggo déning tandhak (wong kang tukang njogèd) dolalak iku éntuk prabawa saka sragam kang dienggo déning saradhadhu Walanda[3]. Iki bisa didelok saka klambi lengen dawa lan kathok tanggung kang rupané ireng, pangkat ing dhadha lan pundhak, topi pèt, sarta kacamata ireng. Déné geganep busana kang saka adat tradhisional Jawa ya iku sampur kang tansah dienggo déning tandhak nalika nari.
Wiwitané, dolalak kawentar ing Désa Kaligana Kacamatan Kaligesing Kabupatèn Purwareja, banjur kawentar ing désa lan tlatah saubengé. Dolalak lumrahé digelar sewengi muput antarané papat tekan nenem jam kanthi cacah tandhak kang akèh amarga kagolong jogèd golongan. Mula saka iku papan kang dibutuhake kanggo nari kagolong amba. Pagelaran dolalak iku maragakake sapérangan jogèd kang saben jogèd dibédakaké nganggo tembang kang dinyanyèkaké, ya iku antarané rongpuuh tekan suwidak tembang. Saben ganti lagu, ana wayah ngaso sauntara kanggo para tandhak. Ing pucuking acara, salah sawijining tandhak bakalan nari kanthi ora sadhar amarga mendem (kesurupan).
Babad
[besut | besut sumber]Wusana tari Dolalak kajupuk saka seragam saradhadhu Walanda[4]. Dene seragam saradhadhu kui mau antarané klambi ireng dawa, kathok cekak warna ireng, sampur, kaos kaki, topi pèt. Wusana tari Dolalak kang ngétokki menawa tari Dolalak kui saka Nuswantara ya iku sampur. Sampur ya iku asésori kang asring ana saben pentas tari.
Kagunan
[besut | besut sumber]Guna psikis
[besut | besut sumber]Wusana minangka bab kang paling cedhak karo penari bakal gawé penari luwih kepénak anggoné ngaturaké isi kang ana sajroning tari. Wusana uga wujud dhukungan moral kanggo penari supaya bisa nari kanthi saé.
Guna fisik
[besut | besut sumber]Wusana minangka panutup aurat lan pérangan awak liyané kang kudu manut karo tata krama supaya penari bisa nari kanthi saé. Wusana uga bab kang bisa njaga awak saka bab kang marakaké bebaya kanggo penari.
Guna artistik
[besut | besut sumber]Wusana ya iku aspèk kagunan rupa kang bakal gawe idhèntitas tari saka corak (garis, wujud, lan warna). Guna artistik agawé wusana tari uga bisa nambah kaéndahan kang ana sajroning tari.
Guna èstètik
[besut | besut sumber]Wusana minangka bab kang dadi siji kalih awak penari, ing unsur estetik iki bakal agawe tari luwih nyawiji lan bisa dihayati kaéndahane. Aspèk èstètik uga gawe serasi, déné sajian tari kudu bisa gawe titikan lan ancasé tari luwih kétok.
Guna téateral
[besut | besut sumber]Guna téateral sajroning wusana tari kudu bisa ngétokake lakon kang baku ana ing tari jumbuh karo idhéntitas tari.
Komponèn
[besut | besut sumber]Klambi ireng lengen dawa
[besut | besut sumber]Ing bab iki, klambi kang digunakaké ya iku klambi kang lengené dawa lan warnané ireng, jumbuh kalih seragam saradhadhu Walanda kala biyèn. Ing sajroning klambi, ana ornamèn arupa bintang, kupu-kupu, utawa kembang. Biyasane mapan ing sisih mburine utawa pas gegerè klambi. Bisa uga ornamèn simbol sanggar tari. Asèsori liya kang ana ing klambi ya iku ing sisih pundhak ana pangkat. Nalika penari kirig (nari ngobahké pundhak) pangkat iku bakal obah lan dadi ciri khas éndahé tari Dolalak.
Kathok cekak
[besut | besut sumber]Kathok cekak ing tari Dolalak uga ana ornamèn kang gawe éndahing wusana tari. Kathok cekak duwe ancas supaya anggoné nari bisa luwih ènerjik lan kepenak anggone obah. Ananging ukuran cekaking kathok kudu digatekake supaya tetep sopan.
Topi pèt
[besut | besut sumber]Topi pèt ya iku topi khas seragam saradhadhu Walanda kala biyen. Lan saiki dadi ciri khas wusana tari Dolalak amarga sumber inspirasi wusana tari Dolalak ya iku saka wusana serdhahu Walanda. Topi pèt lumrahé ana ornamèn wulu saka benang wol ing sisih ngarep, cacahé bisa siji utawa loro. Dene ing sisih kiwa lan tengen ana asésori wol kang gumantung ngganggo tali menawa wayahe penari ngobahaké sirah, tari bakal samsaya éndah . Topi pèt uga dijangkepi tali kang duwe ancas supaya topi ora gampang tiba uwata mabur.
Kaos sikil
[besut | besut sumber]Wis lumrahé menawa penari tari Dolalak nganggo kaos sikil kang jumbuh karo warna seragam utawa sampur. Kaos sikil iki uga sumber inspirasine saka seragam saradhadhu Walanda. Kaos sikil nambah obahing tari samsaya ènerjik lan sikil para penari ora gamoang kena bab kang gawé bebaya.
Sampur
[besut | besut sumber]Sampur utawa masarakat luwih remen mireng selèndhang ya iku bab kang ora bisa lali saka tari Dolalak. Amarga koréografi ing tari Dolalak uga ana pérangan seblak lan perangan kang kudu nganggo sampur. Sampur uga wis dadi ciri khas wusana tari kanggo tarian ing tanah Jawa.
Rembakaning wusana
[besut | besut sumber]Wusana tari Dolalak wus rembaka modhèlé. Saiki wusanané wis ora kudu nganggo klambi ireng lengen dawa. Modhifikasi ana ing bab warna, saiki warna wusana tari Dolalak bisa abang, ijo, wungu, lan sapanunggalé. Lengené uga ana sing wis mobah dadi lengen cekak. Ana manèh klambiné uga ana sing wis mobah dadi mung nganggo kemben lan sisih ngisor ditambahi jarit kaya ta wusana tari Jathilan putri. Wulu ing topi pèt kang saka benang wol saiki uga ana sing wis mobah digawé saka wulu pitik. Luwih rembaka menèh, asésori ing sira bisa ditambahi sanggul cilik lan tanpa topi pèt. Sing kathokké mobah dadi cekak sakdhuwuré dhengkul uga ana.
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Promo Jateng:Tarian Dolalak
- ↑ "BanyumasNews.com Dolalak, seni asal Purwareja Peninggalan Zaman Walanda". Diarsip saka sing asli ing 2012-02-23. Dibukak ing 2011-01-31.
- ↑ Situs web Pemkab Purwareja Archived 2010-12-15 at the Wayback Machine. Wisata Budaya
- ↑ Heksantoro, Rinto (2018-04-05). "Dolalak, Tarian Purworejo yang Gambarkan Perilaku Sedadu Kolonial". detikNews.