Menyang kontèn

Dimas Anggara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dimas Anggara
Lair10 Sèptèmber 1988 (umur 37)
Jakarta, Indonésia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Model

Dimas Anggara (lair ing Jakarta, 10 Sèptèmber 1988; umur 37 taun) ya iku modhèl lan aktor saka Indonésia, miwiti kariré tampil ning FTV Andai Mati Besok kang dilanjutaké dadi paraga dadi Balqi ning filem Kembang Perawan ditaun 2009.[1] awit mula, dhèwèké pancen miwiti karir ning donya panglipur liwat donya akting.[1] Nganti tekan saiki putra saka pasangan Ardi Moeharyoso lan Delly Malik iki wis tau dadi paraga ning FTV, filem lan sinétron.[1]

Anak kaping pindo iki saka rung sadulur iki sempet njalin gayutan karo aktris sakaligus penyanyi Thalita Latief.[1] Nanging gayutan mau akhiré suda ing tengah dalan.[1] Saliyané dikenal kerana aktingé, Dimas Anggara uga sempet gawé heboh kerana wajahé dianggep mirib karo aktor Zumi Zola.[1]

Karir Dimas Anggara bisa dikeranakaké ora sengaja.[1] Nalika dhèwèké nembé lumaku-lumaku ing siwijining mall, dumadaan dhèwèké olih tawaran kanggo mèlu casting ing siwijining filem ing FTV.[1] Akiré, sawisé nampa tawaran mau, Dimas olih peran ning siwijining sesirah FTV.[1] Awit metuné ning FTV kang judhulé ANDAI MATI BESOK, jeneng lan wajah Dimas Anggara wiwit dikenal ing donya panglipur.[1] Akhire, hingga saiki dhèwèké ora tau sepi tawaran kanggo iklan lan syuting.[1] Nganti saiki uga wis akèh FTV kang tau diragakaké déning dhèwèké.[1] Jenengé tambah populer wektu mbintangi filem kang judhulé KEMBANG PERAWAN.[1]

Sanajan isih anyar ana ning indhustri seni peran, nanging prestasi penggemar berat aktor Leonardo DiCaprio iki patut dicungi jempol.[1] Saka kiprahé ing donya akting, Dimas Anggara sempet lumebu ning nominasi Pembantu Pria Terfavorit ning FTV Awards 2011.[1]

Sinetron Kupinang Kau Dengan Basmalah (KKDB) tetep nawaraké cinta dadi alur carita utama, karo dibalut panguripan religi. [2] Amarga para tokohé kang isiné para pelajar lan guru agama (ustad) karo setting kental kauripan saka lingkungan agama lan anané panguripan cinta.[2]

Sinematografi

[besut | besut sumber]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Film kang tau dibintangi Dimas Anggara[1]:

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang tau dibintangi Dimas Anggara[1]:

Film FTV kang tau dibintangi Dimas Anggara[1]:

  • Andai Mati Besok
  • Pinguin Untuk Kayla
  • Boothcamp Cinta
  • Kugenggam Cintamu Di Malioboro
  • Pembantu Cantik Itu Pacarku
  • Bidadari Penjaga Hati
  • Ramona Cinta Gilaku
  • Bidadari Lapangan Parkir
  • Silat Boy 5
  • Kado Valentine Untuk Lintang
  • Hansip Yang Mencuri Hatiku
  • Radio Galau FM
  • Antara Dea dan Wina

Bebungah

[besut | besut sumber]

Bebungah déning Dimas Anggara:

  • FTV Awards 2011 - Ingkang maragani Pembantu Pria (Menang)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 biografi Dimas Anggara dipununduh tanggal 27 september 2011
  2. 1 2 KKDB, Sinetron Cinta Berbalut Religi dipununduh tanggal 27 september 2011