Daryono Darmorejono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Daryono Darmorejono (lair ing Wonogiri, 11 Novèmber 1958) ya iku juru tari, koréografer, dosèn tari Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta uga Abdi Dalem Mangkunegaran saka taun 1987. Awake gedhé dhuwur. Ibuné jenengé Sri Supartinah. Garwané jenengé Setya Widayati. Anaké loro. Saiki sakulawrga urip ing Surakarta, Jawa Tengah. Éyang putriné abdi dalem bedaya lan narikaké tarian sakral Bedaya Ketawang babagan ketemuné Sultan Agung Hanyakrakusuma lan Ratu Laut Kidul. Daryono lair saka kulawarga sing duwèni latar mburi tari Jawa klasik. Bapakné Daryono sing jenengé Darmorejono ya iku seniman tari ing Wonogiri, Jawa Tengah sing orièntasi karo tari Mangkunegaran.[1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Bubar SMP taun 1974, bapakné ngajak lunga menyang Konsérvatori , sékolah jurusan tari ing Solo wektu kaé (saiki SMKI), meski dhisiké kurangsrek sékolah ing kono, akhiré dhèwèké sékolah ing Konsérvatori. Daryono angkatan kaping pisan sing kena kurikulum 4 taun ditambahi setengah taun pendalaman materi. Daryono, akrab diceluk Daryo, nyinauni tari awit sekolah ing jurusan tari, Konsérvatori Karawitan Indonésia (saiki Sekolah Menengah Karawitan Indonésia). Banjur nerusaké ing Sekolah Tinggi Seni Indonésia/ STSI Surakarta. Ing kono, dhèwèké ngenali disiplin tari gaya Yogyakarta, Jawa Timuran, Sunda, lan Bali. Ing njaba, dhèwèké sinau karo tokoh tari ing Solo kaya ta Ngaliman, Maridi, Rono Suripto, Sardono W Kusumo, Tasman, lan Wahyu Santosa Prabowo. Daryono pinter, mula dhèwèké diangkat ddi asisten dosén lan akhiré dadi dosén tari. Kawit umur 10 taun, dhéwèké wis sinau nari karo bapakné lan oleh gemblèngan saka muridé bapakné ya iku Ramelan. Daryono ya iku pribadi sing kurmati pluralisme. Omahé pas isih cilik adohé amung sak témbok karo gereja kristen désa. Bapakné cerak tenan karo pendeta gereja kristén kuwi mau lan cerak karo Romo Suto (pastur gereja katholik).

Kawit taun 2000, Daryono sinau karo Sardono W. Kusumo babagan kearifan jiwané juru tari sing digayuh tanpa kenal sayah. Daryono nyinaoni kepriyé carané jiwané penari kuwi kuwi bisa nyawiji karo ruh tariané. Dhèwèké ora tau muni yen dadi panata tari ananging luwih seneng yen dijelukké juru tari. Ananging dhèwèké dipercaya karo Pura Mangkunegaran pamimpin proyék-proyék gedhé nglairaké manèh karya-karya tari lan dialdalké Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kanggo nglestarikaké kesenian tradisi. Mas Ngabehi Daryono ya iku empu tari tradisi kathi perspèktif jaman saiki. Taun 2006, dhèwèké dadi ketua panitia Penyusunan Proposal kanggo Perubahan Status Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Surakarta sing saiki dadi ISI (Institut Seni Indonesia) Surakarta.

Taun 2012, pria kang duwéni rambut dawa iki mèlu nggarap drama tari kolosal Matah Ati sing disutradarai Atilah Soeryadjaya ing pamédan Pura Mangkunegaran. Daryono siji saka telung koréografer sing nyekel Matah Ati bareng Éko Supendi lan Nuryanto. Péntas Matah Ati ing Solo, saktenané péntas sing kaping telu, sakbaré ing Esplanade Singapura lan Jakarta taun 2011 lan 2010. Saiki kaprigelan nariné ora perlu ditakokaké meneh. Empu tari tradisi jaman saiki kuwi, ing taun 2006 dinei kapercayan dadi pamimpin Panitia Penyusunan Proposal kanggo Perubahan Status Sékolah Tinggi Seni Indonesia / STSI Surakarta dadi Institut Seni Indonesia/ ISI Surakarta. Dhèwèké uga dadi penanggung jawab Kegiatan Panyusunan Kurikulum Berbasis Kompeténsi ing ISI Surakarta.

Karya[besut | besut sumber]

Daryo wis ngasilaké pirang-pirang karya tari yaiku Ruming Mulat (2003), Dirada Meta, Srikandi Bisma, Séta Bisma, Megatruh, Mahakarya Borobudur (2007), Matahati (2010), Umbul Donga Tutup Suro, Bedhayan Matahari, Samparan Matahati (2016), lan Suka Pratama (2018). Tari Megatruh ditariké karo Daryo dhéwé. Karya iki nduduhké kuasané awak Daryo kanggo werna-werna kabutuhan èksprèsi ing tari Jawa. Ing pendapa Pura Mangkunegaran, Mas Ngabèhi Daryono nari minangka Pangéran Sambernyawa ing Bedhaya Senapatén Dirada Méta. Dirada Méta sing duweni teges gajah ngamuk ya iku duka cita. Karya tari kuwi njangkepi kalbu Radén Mas Said sing syahdu, nelangsa, lan spiritual saéngga -meski diwarnai pepénget babagan tempur- ora ditarikaké kanthi kasar lan seru kaya ta tari perang, ananging lembut lan khidmat ing aroma kematian. Mas Ngabehi Daryono isih duwé tanggunangan siji menéh ya iku nguripaké manèh pusaka tari Mangkunegaran sing liyané kaya ta Bedaya Sukrapratama sing uga tanpa rékam jejak sing nyukupi. Dhèwèké udu koréografer sing pisan pindo lolos diuji. Daryono uga nata tari Mahakarya Borobudur lan dadi pamimpin 120 penariné, 31 Agustus 2005, ana ing peresmian Muséum Kapal Samudraraksa ing komplèk Candi Borobudur déning Presiden RI Susilo Bambang Yudhoyono. Tari Megatruh ditariaké karo Daryo dhéwé. Tarian iku nunjuaké panguasan awaké Daryo kanggo werna-werna kabutuhan èksprési ing jèroné tari Jawa. léwat obahing awak kang uwis dikuasani, dhèwèké improvisasi ngréspon musik sing padha karo kemampuane pas kuwi.

Meski kudu susah payah, ananging perjuangané ora sia-sia. Akèh tarian klasis saka Pura Mangkunegaran , sing mauné ora dipéntaské puluhan taun, kasil dipéntaské meneh ing adicara kaurmatan Pura Mangkunegaran. Meski akèh sing dirékontruksi saka manéka warna referensi, amarga penari asliné akéh sing wis tilar donya. Saka taun 1987, Daryono resmi diangkat dadi penari resmi Pura Mangkunegaran. Saliyané kuwi, Daryono uga dinéi kapercayan saka Kraton Kasunananan Surakarta Hadiningrat kanggo nglestarikaké kesenian tradisi.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sartono, Frans (2018-08-04). "Daryono Menarikan dan Mengkinikan Tradisi". Kompas.