Daniel Kahneman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Daniel Kahneman
Daniel KAHNEMAN.jpg
Miyos (1934-03-05) 5 Maret 1934 (umur 83)
Tel Aviv, Mandat Britania atas Palestina
Dalem Amérika Sarékat
Kabangsan Amérika Sarékat, Israèl
Bidhang Psikologi, Ékonomi
Lembaga Universitas Princeton 1993–
Universitas California, Berkeley 1986–93
Universitas British Columbia 1978–86
Center for Advanced Study in the Behavioral Sciences 1972–73
Universitas Ibrani Yerusalem 1961–77
Lulusan saking Universitas California, Berkeley Ph.D, 1961
Universitas Ibrani Yerusalem B.A., 1954
Doktoral advisor Susan M. Ervin-Tripp
Kaahlian Bias kognitif
Ékonomi perilaku
Téyori prospek
Notable awards Lifetime Achievement Award dari American Psychological Association (2007)
Penghargaan Nobèl dalam Ékonomi (2002)
Distinguished Scientific Contribution Award dari American Psychological Society (1982)

Daniel Kahneman (lair 5 Maret 1934; umur 83 taun) inggih punika salah satunggaling ahli psikolog Amérika Sarékat ingkang miyos wonten ing Israèl ingkang pikantuk bebungah Nobèl wonten ing babagan ékonomi. Kahneman sesarengan kaliyan Amos Tversky nindakaken panalitén babagan peran persepsi lan pertimbangan wonten ing pamendhetan kaputusan.[1] Kasil panalitén kasebut lajeng ngrembaka dados téyori prospek ingkang manunggalaken babagan ilmu psikologi lan ékonomi, ingkang sapunika dipunkenal kanthi sebutan ékonomi perilaku (behavioral economics).[1]

Masa Alit[besut | besut sumber]

Tiyang sepuh Kahneman minangka tiyang Yahudi asal Lituania ingkang lajeng pindhah dhateng kutha Paris, Perancis wonten ing wiwitan taun 1920an. Kahneman piyambak miyos wonten ing Tel Aviv, Israèl nalika taun 1934 nalika ibunipun saweg ngunjungi sadhérék wonten ing mrika.[2]

Nobèl Ékonomi[besut | besut sumber]

Karya Kahneman utamanipun wonten ing babagan psikologi; ananging piyambakipun pikantuk Penghargaan Bank Swedia wonten ing Ékonomi kanggé méngeti Alfred Nobèl taun 2002 kaliyan kolaboratoripun Amos Tversky (ingkang sséda nalika taun 1996) saking Universitas Ibrani. Bebungah punika dipunanugrahaken "kanggé pengintegrasian wawasan saking panalitén psikologi ing salabeting ilmu ékonomi, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan pamanggih manungsa lan pamendhetan kaputusan ing ngandhaping éwahan." Kahneman kagungan pamanggih bilih tiyang ingkang mikiraken untung-rugi, anangin wonten ing wekdal cekak. Kawedén kaliyan rugi langkung ageng saking untung.

wonten ing sawijining eksperimen kanggé mbuktikaken teorinipun, Tversky lan Kahneman mendhet kalih kelompok tiyang lan maringi kelompok ingkang angka 1 sawijining cangkir kopi ingkang éndah, déné kelompok angka 2 boten dipunparingi napa-napa. Kelompok angka 1 dipunkeparengaken milih punapa kelompok punika kepéngin njaga cangkir punika utawi nyadékaken kanggé pikantuk arta. Kelompok angka 2 dipunparingi pilihan antawis cangkir punika punapa arta. Kekalih punika manggihaken bilih kelompok angka 2 punika langkung kepéngin pikantuk sekedhik arta tinimbang masrahaken cangkir ingkang sampun dados kagunganipun, ingkang makili emosi satunggaling tiyang, tinimbang perhitungan rasional dingin ingkang dipunpangaruhi pamendhetan kaputusan.[3]

Penghargaan sanés ingkang dipuntampi Kahneman inggih punika Distinguished Scientific Contribution Award saking American Psychological Association nalika taun 1982 lan Hilgard Award for Contributions to General Psychology nalika taun 1995.

Kahneman pikantuk bebungah Nobèl kaliyan Vernon Lomax Smith.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Colin, C; Benson, Nigel; et al. (2012). The Psychology Book. DK Publishing. 
  2. ^ Daniel Kahneman - Autobiography, Nobelprize.org. Dipunundhuh tanggal 31 Januari 2013.
  3. ^ http://www.princeton.edu/~kahneman/