Carita Purnawijaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Carita Purnawijaya utawa ing basa Walanda Poernawidjaja’s hellevaart of de volledige verlossing iku sawijining karya sastra ing basa Sundha Kuna. Carita iki ya iku ngenani panglelanan sang paraga baku utawa protagonis carita, Purnawijaya menyang naraka.

Naskah tèks[besut | besut sumber]

Carita iki kawarisaké ing rong naskah manuskrip godhong palem kang ditulisi mawa aksara Sundha Kuna lan saiki disinggahaké ing Kapustakan Nasional RI; kropak 413 lan kropak 423. Rong naskah godhong palem iki diprakirakaké asalé saka abad kaping 17 Masehi lan saiki kondisiné mrihatinaké banget.

Kropak 413 iku sawijining naskah cilik kang ukurané 14 x 2 cm lan cacahé 39 lempir. Naskah rontal iki mbokmenawa jaman mbiyèn tau dienggo dadi jimat. Naskah iki luwih lawas lan kondisiné luwih becik tinimbang naskah sijiné.

Banjur kropak 423 iku sawijining naskah nipah kang ukurané 30 x 3,5 cm lan cacahé 35 lempir. Naskah nipah iki kondisiné wis mrihatinaké banget. Akèh lempir kang wis rusak, bolong utawa bolèng. Tèksé uga akèh kang korup utawa rusak. Naskah iki luwih anom tinimbang naskah sijiné.

Pleyte celathu yèn naskah kang luwih tuwa, ya iku kropak 413 ditulis déning sawijining siswa Kyai Raga. Tokoh iki misuwur minangka pesirah kabuyutan utawa patapan ing ngendi naskah-naskah iki tinemu. Kabuyutan Kyai Raga iku papané ana ing lèrènging gunung Sri Manganti utawa saiki diarani Cikuray ing tlatah Garut. Gunung iki papané ana ing sisih wétan tlatah kabudayan Sundha.

Isi tèks[besut | besut sumber]

Tèks iki nyritakaké prakara panglelanan Purnawijaya, sang protagonis, menyang naraka. Banjur Purnawijaya ing carita iki diajari mawa dawa déning sang Déwa Utama ngenani pagawéyan ala. Sawisé iku sang Purnawijaya diajak mara menyang naraka lan ndeleng kepriyé wong-wong dosa disiksa. Banjur Purnawijaya takon marang Yamadipati, sang nyepeng naraka, kepriyé carané mungkasi panyiksan iki. Banjur Yamadipati ngendika yèn wong-wong iku kabèh padha ing kéné déné mbiyèn tumindhak ala lan bisa nitis manèh ing panguripan sabanjuré. Kajaba iku Purnawijaya uga olèh pangajaran.

Gandhèngané karo tèks liyané[besut | besut sumber]

Carita Purnawijaya iku sawijining gubahan tèks Jawa Kuna kang ajudhul Kuñjarakarna. Carita iki prakara Kuñjarakarna, sawijining yaksa (sajenis raksesa) kang agentur tapa amarga péngin nebus dosané. Carita Sundha Kuna iki wis séjé saka carita Jawa Kuna iki. Ing carita Jawa Kuna iki, alur carita kasusun saka rong pérangan lan iku sawijining carita agama Buda. Nanging karakter Buddhis ing carita Sunda Kuna iki wis ilang babar belas. Banjur carita Sunda iki namung kasusun saka sapérangan waé.

Rong pérangan carita Kuñjarakarna iki ya iku panglelanan sang Kuñjarakarna menyang naraka. Kuñjarakarna anggentur tapa lan olèh berkah saka Wairocana utawa sang Buda supaya bisa ndeleng naraka. Ing kana dhèwèké weruh wong-wong dosa kang disiksa. Banjur dhèwèké weruh sawijining panci gedhé kanggo nggodhog wong-wong adosa. Sawisé iku Kuñjarakarna weruh ana panca anyar kang lagi ditata kanggo Purnawijaya. Purnawijaya iku kanca akrabé Kuñjarakarna. Banjur dhèwèké kagèt lan nyuwun marang sang Buda supaya pareng ngèlikaké kancané iku. Sang Buda marengaké Kuñjarakarna lunga menyang kancané. Pérangan kapindho iku caritané sang Purnawijaya.

Yèn tèks Sundha Kuna iki nduwé gegandhèngan eret karo tèks Jawa Kuna Kuñjarakarna iku dudu kebetulan. Awit naskah Kuñjarakarna kang lawas dhéwé lan ngamot tèks Jawa iki lan saiki disinggahaké ing Kapustakan Univèrsitas Leiden minangka Naskah Leiden Codex Orientalis 2266, diprakirakaké asalé saka Jawa Kulon.

Prabandhingan tèks Sundha Kuna-Jawa Kuna[besut | besut sumber]

Ora bisa dipungkiri yèn tèks Sundha iki dhedhasar tèks Jawa Kuna. Ing sawetara fragmèn, tèks Sundha iki mèmper karo tèks Jawa, malahan ing tingkat tetembungan. Ing ngisor iki tèks Sundha Kuna dijèjèraké karo tèks Jawa Kuna.

Pertalan tèks Sundha Kuna Sunda Kuna[1] Jawa Kuna[2] Jarwa tèks Jawa Kuna
tan asuwé ring awan, Mula ora suwé ing dalan
Maka sampai di bumi bawah tujuannya ya iku sebuah daerah, yang menyala dan berbara. Hal ini sulit dipadamkan. Gerbangnya lebih dari satu depa sedangkan jalannya pendhak setengah depa dan dilingkari olèh pemukiman. Pemukiman ini melingkari jalan. Pintunya berpanel besi dan ditutup dengan tembaga sarta memiliki laci pérak dan kunci emas... manggihkeun bumi patala, si dona désa ma (?), murub muncar pakatonan, dipareuman hanteu meunang, dorana leuwih sadeupa, jalanna sadeupa sisih, jalan kakurung ku lembur, lembur kakuning ku jalan, pantona kowari beusi, dipeundeutan ku tambaga, dilorongan ku salaka, kuncina heunteung homas,... dhateng ta ya ring bumipata<l>a, hana ta ya srijati dumilah sadakala lonya sêndriya, sêndriya ngaranya, sôlih ing mata tumingal, hana ta babahan kapanggiha denira sang Kuñjarakarna, inĕbnya tambaga, lereganya salaka, tuwin ku<ñ>cinya mas, Dan sampailah di donya bawah. Maka ya iku sebuah pohon jati yang senantiasa menyala. Tebal batangnya satu indera. Maksudnya hanya satu sesawangan mata. Lalu sang Kuñjarakarna melihat panelnya dari tembaga, lacinya dari pérak, dan kuncinya dari emas.
ta<m>bak lalénya w<e>si, ikang hawan sad<e>pa saroh lonya, temboké saka wesi, dalané ambané sadepa lan saroh (?)
[jalannya] diratakan dengan tahi, tahi sapi mudha dikamrata ku tahina, tahi lembu kanéjaan inurap rinata-rata ginomaya ring tahining le<m>bu kanya, diurapi, diratakaké lan diresiki mawa tainé lembu kenya,
dan diberi tangga baja. ditatanggaan maléla
Ditanami dengan andong merah, katomas dan panéjaan, bunga waduri dan bunga jayanti. Selain siratu bancana yang sedang tumuwuh indah. Selain ditebari pula dengan bunga tabur sepanjang pohon nagasari (?) yang dijadikan harum olèh bermacam-macam parfum. Sehingga menjadi terciumlah harumnya beluk dupa ditanjuran ku handong bang, katomas deung panéjaan, waduri kembang jayanti, sekar siratu bancana, eukeur meujeuh branang siyang, dihauran kembang ura, dija... kembang pupolodi, didupaan ruruhuman, dadi wangi haseup dupa, mrebuk aruhum … tinaneman ta ya handong bang, kayu puring, kayu masedhang asinang, winoran asep dupa, mrabuk arum ambunika sinawuran kembang ura, pinujan kembang pupungon, ditanemi tuwuhan andong abang, puring lan wit-wit kang sedheng akembang wangi, awor karo asep dupa, arum mrebuk ambuné lan disawuri kembang ura, dipujani kembang-kembang pepungon
ya ta matanyan maruhun-ruhunan ikang watek papa kabèh winalingnya mulané wong-wong adosa dhisik-dhisikan mara ing kana. Salah pikirané kabèh,
kawitan dalan menyang swarga. jalan kawit i sorgaan dalan maring swarga ri hidhepnya dikira dalan menyang swarga.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Teks Sunda Kuna diambil dari Noorduyn dan Teeuw (2006:9).
  2. Teks diambil dari Van der Molen (1983:148). Ejaan tèks disesuaikan dengan ejaan tèks basa Sunda Kuna.