Caravaggio

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Potrèk seniman Italia, Michelangelo Merisi da Caravaggio

Michelangelo Merisi da Caravaggio (28 September 1571 – 18 Juli 1610) iku sawijining seniman Italia. Dhèwèké makarya ana Roma, Napoli, Malta lan Sisilia ing antarané taun 1593 lan 1610. Dhèwèké sawijining pelukis sing nganggo gagrag Barok. Dhèwèké iku minangka pelukis pratama sing bisa nglukis nganggo gagrag Barok kanthi apik banget.

Nalika Caravaggio isih urip, dhèwèké kerep dadi guneman. Sawenèh wong péngin ngerti apa sing ditindakaké dhèwèké, kaya apa kauripané, lan dhèwèké uga dianggep wong sing ngremenaké. Nanging uga ana sawenèh wong sing nganggep yèn dhèwèké wong sing anèh lan ora apik. Caravaggio wiwit dadi pelukis sing misuwur ing Roma ing taun 1600. Akèh wong sing wènèh dhuwit marang dhèwèké saperlu digawèkaké lukisan, nanging dhuwité kabèh dientèkaké lan dhèwèké uga kadang-kadang kena prakara. Ing taun 1604 ana sing nulis cathethan ngenani dhèwèké sing nyritakaké yèn dhèwèké wong sing gendhila lan ora apik. Cathetan iki nyritakaké dhèwèké nalika isih urip, ing 1601:

sawisé makarya sasuwéné rong minggu, dhèwèké ndlèdèr udakara sewulan nganti rong wulan kanthi pedhang ana sisihé lan sawijining abdi ngetutaké dhèwèké saka pista astana siji marang liyané, kanthi samekta kanggo gelut utawa padudon, dadi rasané aèng kanggo kekancan karo dhèwèké

—Floris Claes van Dijk,1601[1]

Ing taun 1606 dhèwèké matèni wong nalika lagi kerahan. Dhèwèké nuli minggat saka Roma amarga wong-wong sing kasil nyekel dhèwèké bakal diwènèhi dhuwit. Ing Malta ing taun 1608 dhèwèké gelut manèh. Ing Napoli, ing taun 1609, dhèwèké uga gelut manèh nanging gelut sing iki ayaké diwiwiti karo wong-wong sing ora seneng dhèwèké lan njajal merjaya dhèwèké. Sawisé dhèwèké nglukis nganti pirang-pirang taun, dhèwèké nemahi patiné ing taun 1610.

Gréja-gréja anyar sing gedhem lan uga astana ing Roma lagi diyasa ing pungkasaning taun 1500-an lan wiwitaning taun 1600-an. Gréja-gréja iki mbutuhaké lukisan-lukisan kanggo dicanthèlaké ing témbok. Reformasi Katulik saka gréja Katulik nduwé pepénginan kanggo nggolék pelukis sing bisa nglukis lukisan sing éndah bab Gusti, supaya bisa narik kawigatèné wong-wong. Wong-wong kuwi bakal mikir yèn Protestanisme iku ora éndah lan mboseni. Saéngga gréja Katulik mbutuhaké gagrag seni anyar, amarga Manerisme uwis dadi gargar seni sing paling misuwur sasuwéné 100 taun, lan saiki dadi mboseni. Lukisan-lukisané Caravaggio anyar lan bedaa saka Manerisme. Dhèwèké nglukis nganggo gagrag sing diarani naturalisme, ya iku nglukis samubarang kaya apa anané. Dhèwèké nglukis lukisan potrèké wong-wong saéngga citrané katon kaya kasunyatan. Caravaggio uga nggawé lukisané katon ngrangsangi kanthi nglukis bayangan-bayangan peteng sing akèh lan diwènèhi sinar sing banget padhangé (lumrahé diarani chiaroscuro).

Nalika dhèwèké isih urip lan kondhang, akèh seniman sing péngin bisa nglukis kaya dhèwèké. Nanging sawisé dhèwèké tinggal donya, dhèwèké bebarengan karo lukisan-lukisané dilalèkaké. Mataun-taun sawisé, ing taun 1900-an, wong-wong wiwit nggatèkaké karyané dhèwèké manèh lan sadhar yèn Caravaggio minangka wong sing gatèn. Wong-wong ngerti yèn akèh seniman sing njajal nglukis kaya dhèwèké, lan amarga akèh seniman sing uwis weruh karya-karyané, para seniman iki uga nglukis nganggo gagrag Barok. Gagrag Barok nuli dadi misuwur nganti atusan taun.

Andre Berne-Joffroy, sékertarisé Paul Valéry, mratèlaké yèn: "Apa sing kawitan ana ing karyané Caravaggio iku, wantahé, lukisan moderen."[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Floris Claes van Dijk, a contemporary of Caravaggio in Rome in 1601, quoted in John Gash, "Caravaggio", p.13. The quotation originates in Carl (or Karel) van Mander's Het Schilder-Boek of 1604, translated in full in Howard Hibbard, "Caravaggio". The first reference to Caravaggio in a contemporary document from Rome is the listing of his name, with that of Prospero Orsi as his partner, as an 'assistente' in a procession in October 1594 in honour of St. Luke (see H. Waga "Vita nota e ignota dei virtuosi al Pantheon" Rome 1992, Appendix I, pp.219 and 220ff). The earliest informative account of his life in the city is a court transcript dated 11 July 1597 where Caravaggio and Prospero Orsi were witnesses to a crime near San Luigi de' Francesi. (See "The earliest account of Caravaggio in Rome" Sandro Corradini and Maurizio Marini, The Burlington Magazine, pp.25-28).
  2. Quoted in Gilles Lambert, "Caravaggio", p.8.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Biografi

Artikel lan ésai

Karya seni

Musik

Vidio