Menyang kontèn

Cagar Alam Tangkoko Batuangus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cagar Alam Tangkoko Batuangus
IUCN kategori Ia (cagar alam keket)
Map showing the location of Cagar Alam Tangkoko Batuangus
Map showing the location of Cagar Alam Tangkoko Batuangus
Tangkoko
Pernahé ing Sulawesi
PernahSulawesi, Indonésia
Kutha cedhak dhéwéBitung
Koordhinat1°31′N 125°11′E / 1.517°N 125.183°E / 1.517; 125.183Koordhinat: 1°31′N 125°11′E / 1.517°N 125.183°E / 1.517; 125.183
Laladan87 km2
Dikukuhaké1981[1]
Dhayoh7.500 (ing 2007[2])
Bebadan pamaréntahanKementerian Kehutanan

Cagar Alam Tangkoko Batuangus uga kondhang mawa aran Tangkoko-Batuangus Dua Saudara[3] iku cagar alam ing Pulo Sulawesi iring lor, Indonésia, dohé rong jam mobilan saka Manado. Ambané 8.700 hèktar lan ing njeroné ana gunung telu: Gunung Tangkoko (1.109 mèter), Gunung Dua Saudara (1.361 mèter), lan Gunung Batuangus (450 mèter).[4]

Wit-witan lan sato-kéwan

[besut | besut sumber]

Wit-witan sing lumrah ana ing alasing cagar alam iki spésies-spésies saka génus Palaquium, ya iku Cananga odorata lan Dracontomelon dao.[5]

Ing kéné uga rineksa saorané 127 spésies mamal, 233 spésies manuk, lan 104 spésies rèptil dalah amfibi. Saka cacah mau, 79 spésies mamal, 103 spésies manuk, lan 29 spésies rèptil saha amfibi minangka kéwan èndhemik Pulo Sulawesi.[6]

Kéwan mamal sing kena bebaya (threatened) kaya ta: munyuk ireng sulawesi sing kari 5.500 ing pulo iku,[7] tarsius, kuskus bruwang sulawesi, lan kuskus katé sulawesi. Mungguh manuk, sing kena bebaya kaya ta rongkok bendhol, rongkok sulawesi, lan maléo.[8]

Konservasi lan bebaya

[besut | besut sumber]

Laladan konservasi sing wiwitan iku mligi ing Gunung Tongkoko lan dikukuhaké ing taun 1919. Laladan Gunung Dua Saudara banjur kawuwuhaké ing taun 1978. Éwadéné, laladan Batuangus lan Batuputih kawuwuhaké ing taun 1981. Kanthi mangkono, ambané yèn digunggung ana 8.718 hèktar. Mungguh para dhayoh, mung laladan Batuputih sing bisa dièstrèni.

Sawenèh organisasi internasional sing perduli marang lestarining alam uga mèlu ngrumat cagar alam iki, kaya ta Sulut Bosami, Wildlife Conservation Society, lan Tarantula.

Rusaking habitat lan bebedhag dadi bebaya pokok tumrap cagar alam iki. Amarga bebedhag, antarané taun 1978 lan 1993 cacahé munyuk ireng sulawesi suda akèh nganti 75%, maléo nganti 90%, lan kuskus bruwang nganti 95%.[9] Sawijining survéi taun 2005 ing désa telu sakiwa-tengené cagar alam iki nyethakaké sanadyan kéwan sing paling kerep dibedhag iku tikus, wong kono uga isih mbedhag munyuk lan kuskus saperlu dipangan dagingé utawa didol ing pasar.[10]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Protected Planet: Tangkoko Batuangus Nature Reserve Archived 2012-03-16 at the Wayback Machine., retrieved 12 August 2011
  2. Kompas: Aset Sejarah Alam Dunia dan Rumah Satwa Sulawesi 30 April 2008 (ing basa Indonésia)
  3. Justine Vaisutis: Indonesia, Lonely Planet, 2007
  4. "Taman Nasional Tangkoko". May 25, 2013. Diarsip saka sing asli ing June 24, 2013. Dibukak ing August 20, 2017.
  5. Kurniawan et al (2008) "Association of dominated tree species in lowland tropical forest of Tangkoko Nature Reserve, Bitung, North Sulawesi ", in Biodiversitas, vol.9, nr.3
  6. Hyginus Hardoyo: "Nature lovers committed to preserve nature" in The Jakarta Post, 5 June 2008
  7. Hyginus Hardoyo: "Watching wild animals at Batuputih Nature Tourism Park", in The Jakarta Post, 5 June 2008
  8. Kyes et al. (2013) "Long-Term Population Survey of the Sulawesi Black Macaques (Macaca nigra) at Tangkoko Nature Reserve, North Sulawesi, Indonesia", in American Journal of Primatology Vol.75, issue 1
  9. Bennett, Elizabeth: "Using wild resources in managed ecosystems", IUCN, retrieved 31 December 2013
  10. Onibala and Laatung (2007) "Bushmeat Hunting in North Sulawesi and Related Conservation Strategies (A case study at the Tangkoko Nature Reserve", in Journal of Agriculture and rural Development in the Tropics and Subtropics, nr.90

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Médhia magepokan Category:Tangkoko Batuangus Nature Reserve ing Wikimedia Commons