Beksan Ratéb Meuseukat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Jogèd Ratéb Meuseukat

Beksan Ratéb Meuseukat inggih punika salah satunggalipun seni jogèd saking Acèh.[1][2] Nama Ratéb Meuseukat asalipun saking basa Arab inggih punika ratéb asalipun saking ratib ingkang tegesipun ngibadah lan meusakat saking tembung sekat ingkang tegesipun méndel.[1] Wonten pamanggih manawi jogèd Ratéb Meuseukat punika dipunripta obah lan gayanipun déning putranipun Teungku Abdirrahim alias Habib Seunagan, lan syairipun utawi ratéb-ipun dipunripta déning Teungku Chik Di Kala, satunggalipun ulama ing Seunagan ingkang gesang ing abad kaping 19.[1] Syair (cakepan) punika gadhah isi ngluhuraken namanipun Allah lan Muhammad, dipunparagani tiyang èstri kanthi ageman adat Acèh.[1] Jogèd punika ngrembaka ing Meudang Ara Rumoh Baro ing Kabupatèn Acèh Kidul Kulon.[1]

Kawitanipun jogèd Ratéb Meuseukat dipunparagakaken sasampunipun ngaos wulangan agami ing wayah dalu, lan ugi punika boten saged uwal minangka salah satunggalipun medhia dakwah.[1] Jogèd punika dipunpraktékaken kanthi posisi lenggah lan jumeneng.[1] Wonten ing jaman samangké jogèd Ratéb Meuseukat punika ugi dipungelar ing adicara agami lan dinten-dinten agung, adicara palakrami lan sanèsipun ingkang boten nerak paugeran agami Islam.[1] Ing wekdal samangké, jogèd punika dados jogèd ingkang paling misuwur ing Indonésia. Bab punika dipunsababaken amargi éndahipun, kadhinamisanipun, lan rikat gerakanipun.[1] Jogèd punika asring dipunsalahpangertosan minangka jogèd Saman kagunganipun suku Gayo.[1] Kamangka kekalihipun bènten, mliginipun wonten tiga inggih punika, sapisan jogèd Saman ngginakaken basa Gayo, jogèd Ratéb Meuseukat ngginakaken basa Acèh.[1] Kaping kalih, Jogèd Saman dipunparagani tiyang jaler, manawi jogèd Ratéb Meuseukat dipunparagani tiyang èstri.[1] Kaping tiga, Jogèd Saman boten dipuniringi piranti musik, manawi jogèd Ratéb Meuseukat dipuniringi musik, inggih punika rapa’i lan geundrang.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m [Suhada, Ichsan (lan kanca-kanca). 2009. Pesona Indonésia; Pariwisata, Budaya dan Sosial (Lebih Dekat Mengenal Pulau Sumatra. Surabaya:Bintang Ilmu;kaca 20-21]
  2. [Panitia Penyelenggara MTQ Tingkat Nasional ke 12. 1981. Petunjuk Beberapa Jinis Kesenian Tradisional Acèh dan Tempat-Tempat Darmawisata dalam Acara MTQ Nasional ke-XII di Banda Acèh. Banda Acèh.]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Saman dan Meuseukat