Menyang kontèn

Bégalan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bégalan inggih punika seni tutur tradhisional ingkang dipun-ginakaken kanggé sarana upacara penganténan, ubarampénipun kados ta pirantos dhapur, antawisipun inggih punika ilir, ian, cething, kukusan, saringan ampas, tampah, sorokan, cénthong, siwur, irus, kendhil lan wangkring[1]. Pirantos punika gadhah teges ingkang ngewrat falsafah jawa lan migunani kanggé para pinangantén. Kesenian begalan punika kesenian tradhisional ingkang awujud drama, amargi ngemot unsur dialog, ulah raga, jogèd, iringan. Seni bégalan dipunparagani kalih tiyang, ingkang satunggal dados tiyang pambégal ingkang kawastanan Rékaguna lan ingkang satunggal malih dados tiyang ingkang dipunbégal kawastanan Gunaréka[1]. Seni bégalan punika dipuniringi gendhing. Bégalan minangka kombinasi antawisipun seni jogèd lan seni tutur. Busana ingkang dipun-ginakaken déning paraga limrahipun ngagem busana Jawa. Prekawis-prekawis ingkang kedah dipun-gantos inggih punika: 1. Iringan ingkang dipun-ginakaken inggih punika kanthi instrumen gamelan jawa, manawi obahan jogèd dipunjumbuhaken kanthi wirama gamelan. 2. Jogèd begalan dipunparagani kalih paraga tiyang kakung ingkang maragakaken Gunareka lan Rekaguna. 3. Gunemanipun kanthi gaya janaka ingkang wosipun babagan pitutur ingkang wigati kanggé penganten kekalih lan para pamiarsa. 4. Wekdal kaleksanakaken ing siyang utawi sonten lan wekdal ingkang betahaken kanggé pagelaran kirang langkungipun satunggal jam. 5. Papan panggènan ingkang dipun-ginakaken limrahipun wonten ing plataran omah penganten putri.

Jogèd Bégalan adhedhasaripun minangka jogèd rakyat ingkang migunakaken pirantos-pirantos ingkang gadhah teges simbolis ingkang migunani kanggé pagesangan wonten ing bebrayan. Guneman kanthi gaya jenaka gadhah ancas kanggé panglipur.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Juli 2012)