Menyang kontèn

Anne Avantie

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Anne Avantie
LairSianne Avantie
20 Mèi 1964 (umur 62)
Indhonésia Semarang, Indonésia
PakaryanPerancang busana
BojoYoseph Henry
AnakIntan Avantie
Ernest Christoga Susilo
Ian Tadio Christoga Susilo
Sana jaringanhttp://anneavantie.com/

Anne Avantie (lair ing Semarang, 20 Mèi 1964) ya iku perancang busana Indonésia kang misuwur lumantar koleksi kebaya asil karyané.[1] Kebaya asil karyané wis dikenal kanthi skala internasional lan kerep dienggo déning selebriti Indonésia nganti ratu sejagat (Miss Universe) kang wistau teka ing Indonésia.[2]

Kapribaden

[besut | besut sumber]

Anne Avantie lair ing RS Bunda, Semarang tanggal 20 Mèi 1964[3] kanthi jeneng asli Sianne Avantie.[4] Dhèwèké keturunan Tionghoa.[4] Nalika isih cilik, dhèwèké manggon ana ing Sala.[3] bapake ya iku Hari Alexander kang duwé usaha variasi mobil, déné ibune, Amie Indriati duwé usaha salon.[4] Kawit ana ing pawiyatan sekolah dhasar, Anne wis bisa nuduhake kreatifitase ing babagan mode, antarané ya iku keprigelangawe pita/ rerenggan rambut kang didol marang kanca-kancane.[4] Avantie kawin karo Yoseph Henry lan duwé anak 3 ya iku Intan Avantie, Ernest Christoga Susilo lan Ian Tadio Christoga Susilo.[1] Sanajan lulusan lulusan SMA lan ora tau éntuk pendidikan formal njait, Anne dikenal minangka wong kang ora gampang nyerah lan seneng sinau mula duwé prestasi akèh.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Profil Anne Avantie". PPC Solution + TPx. Diarsip saka sing asli ing 2010-05-17. {{cite news}}: |first= missing |last= (pitulung)
  2. "Anne Avantie: Pelestari Kebaya". Suara Karya Online. 22 Agustus 2008. Diarsip saka sing asli ing 2020-09-01. {{cite news}}: |first= missing |last= (pitulung)
  3. Cita Yustisia Serfiayani; R. Serianto D. Purnomo; Iswi Hariyani (2024). Creative Top Secret, Ramuan Sukses Bisnis Kreatif Sepanjang Masa. Penerbit Andi. kc. 204. ISBN 9789792999365.
  4. 1 2 3 4 Aku, anugerah, dan kebaya. Gramedia Pustaka Utama. 2007. ISBN 979-22-2850-0. {{cite book}}: |first= missing |last= (pitulung)Hal.9-26
  5. (http://hubpages.com/hub/Anne-Avantie-Kebaya-Designer|Anne[pranala mati permanèn] Avantie Best Indonésian Female Kebaya Designer)diundhuh tanggal 23 uni 2011)