Alprazolam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Struktur alprazolam

Alprazolam ya iku sawijining obat panenang golongan benzodiazepine kanggo nambani ganggunan rasa sumelang lan rasa kuwatir. Obat-obat jinis benzodiazepine iki kalebu psikotropika sing sipaté nglemesaké otot.[1] Alprazolam bisa ngelongi kategangan psikologis sing dirasakaké panandhang, saèngga nggawé rasa ayem lan tentrem saksiwé ngonsumsi. Alprazolam racaké maujud tablèt. Alprazolam makarya kanthi nekan sistem saraf pusat saengga ngalonaké pakaryan sistem saraf pusat.

Piguna[besut | besut sumber]

Alprazolam kerja ing jero saraf utek lan ngasilaké èfèk rasa tentrem kanthi ningkataké pakaryan zat kimiya alami sing ana sing awak sing sinebut gamma-aminobutirat (GABA). Akèh dhokter sing migunakaké obat iki kanggo nambani rasa sumelang, ora bisa turu, gangguan psikosomatik mliginé gangguan ing lambung.[2]

Dhosis[besut | besut sumber]

Alprazolam kasedhiya ing tablet 0,5 mg, 1 mg, lan 3 mg. Ing sajroning ngonsumsi alprazolam ana dhosis utawa takeran. Takeran anggoné ngonsumsi dijumbuhaké karo kasarasan, umur lan respon panandhang marang obat. Dhosis anggoné ngombé ya iku:

  • Dhiwasa (umur 18-64 taun) ngonsumsi 0,25-0,5 mg sedina ping telu. Dhosis iki bisa diundhakaké saben 3 dina. Ngombé alprazolam paling akèh ya iku 4 mg sedina.
  • Wong tuwa (sadhuwuré 65 taun) ngonsumsi 0,5 mg sedina ping 2-3. Dhosis iki bisa diundhakaké menawa dibutuhaké.[3]

Cara ngonsumsi[besut | besut sumber]

Sadurungé ngonsumsi alprazolam, prayogané maca pratuduh ing wungkusé utawa nuruti resèp dhokter. Nalika ngonsumsi, aja mamah utawa ngolu obat iki kanthi langsung. Ananging alprazolam kudu diemut supaya larut dhéwé ing cangkem.[4] Alprazolam kudu disimpen ana ing wadhah katutup saka hawa ing suhu ruwang. Aja diwènèhaké kulkas utawa ing ngisor sorot sréngéngé. Gatekaké tanggal kadaluwarsa sakdurungé ngombé obat iki. Menawa wis kliwat tanggal kadaluwarsa kudu gagé-gagé diguwak.

Interaksi karo obat liya[besut | besut sumber]

Interaksi bisa kadadeyan menawa ngombé alprazolam karo obat liya kanthi wektu sing bebarengan, bisa nyebabaké perkara kaya déné:

  • Tambahing efektivitas plasma steady state saka imipramine lan desipramine.
  • Tambahing efektivitas digoxin.
  • Tambahing daya metabolisme karo induser CYP3A4 tuladhané ritonavir.[5]

Èfèk samping[besut | besut sumber]

Praupané alprazolam

Ana èfèk samping nalika migunakaké alprazolam iki kanthi terus-terusan. Panandhang sing wis saben dina ngonsumsi alprazolam bisa katergantungan obat iki.[6] Menawa ora ngonsumsi, panandhang ora bisa nindakaké pagawéyan sadina-dina. Prantandha èfèk samping kaya déné:

  • Angèl konsentrasi
  • Gampang lali
  • Owahing rasa seksual
  • Ora napsu mangan
  • Owaning pangrasa ati kaya cepet nesu
  • Sirah mumet
  • Asring ngantuk
  • Asring kesel ing sendhi
  • Mukok-mukok
  • Dhegelen
  • Angèl nguyuh
  • Angèl mlaku lan ngomong

Ana uga èfèk samping sing parah kudu gagé-gagé nemoni dhokter. Pratandha iku kaya ta:

  • Kulit ing awak malih dadi werna kuning (jaundice)
  • Kejang-kejang
  • Semaput
  • Dheprèsi
  • Halusinasi
  • Hiperaktif
  • Mengi utawa sesek napas

Wong mbobot ora kena ngombé obat iki amarga bisa nyebabaké cacat kongenital gawan ing bayi sing ana ing weteng. Èfèk jangka suwé sing disebabaké panganggonan wektu suwé ya iku tindak tanduk sing agrésif.[7]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Nursastri, Sri Anindiati (2020-02-12). "Apa Itu Benzodiazepine, Jenis Obat yang Dikonsumsi Lucinta Luna?". Kompas. Retrieved 2020-02-12.
  2. Andri (2016-04-07). "Efek Pemakaian Obat Alprazolam yang Tak Sesuai Indikasi". Kompas. Retrieved 2020-02-12.
  3. "Alprazolam". Alodokter. 2019-11-06. Retrieved 2020-02-12.
  4. Hapsari, Annisa. "Alprazolam". Hello sehat. Retrieved 2020-02-12.
  5. Yuniar, Maria (2018-11-16). "Alprazolam". SehatQ. Retrieved 2020-03-08.
  6. Andri (2015-09-22). "Masalah Yang Mengintai Terkait Penggunaan Alprazolam". Kompasiana. Retrieved 2020-02-12.
  7. Pradana, Kent (2017-09-14). "Mengenal Alprazolam, Obat Penenang yang Sering Disalahgunakan". Hello sehat. Retrieved 2020-02-12.