Winona Ryder
| Winona Ryder | |
|---|---|
| Lair | 29 Oktober 1971 Olmsted County, Minnesota, Amerika Serikat |
| Pegawéyan | Aktris |
Winona Ryder jeneng lairé Winona Laura Horowitz lair 29 Oktober 1971; umur 41 taun dheweké kuwi aktris saka Amerika Serikat unggulan Academy Award, dheweké tenar ning film Heathers, Girl, Interrupted, Little Women, lan Edward Scissorhands, Dheweké kondhang dadi aktris saka Amerika Serikat kang tau mlebu ning nominasi-nominasi kang ana ning Academy Award. [1] Winona Ryder dikenal amarga peran-perané ning serial-serial Televisi lan film layar lebar. [1] Ning filmé, kayata HEATHERS, kang dipeter nalika taun 1989,ning taun 1988 dheweké main ning film BEETLEJUICE, taun 1990 film EDWARD SCISSORHANDS, BRAM STOKER'S DRACULA, ning taun 1992, taun 1993 main ning film THE AGE OF INNOCENCE, LITTLE WOMEN nalika taun 1994, GIRL karo film INTERRUPTED ning taun 1999, REALITY BITES ning taun 1994 lan LOST SOULS ning taun 2000.[1]
Taun 1993, Amarga perané nalika dadi May Welland ning film THE AGE OF INNOCENCE lan peranné nalika dadi Josephine March ning film LITTLE WOMEN, nalika taun 1994, dheweké mulai dilirik ning dunya perfilman dheweké mlebu nominasi-nominasi ning ajang bergengsi.[1] Kayata nominasi dadi aktris pendukung paling apik lan aktris paling apik. [1] Ora namung kuwi, panghargaan liyané uga kerep dicekel dening Winona Ryder.[1] Salah sijiné panghargaan saka Golden Globe Awards lan BAFTA Awards.[1]
Winona dhewe tau njalin hubungan karo aktor Johnny Depp nganti patang taun suwené.[1] Karo Soul Asylum David Pirner, nganti telung taun suwené, lan Matt Damon kang suwené uga telung taunan. [1] Sasuwené njalin kisah asmara karo Johnny Deep, Jhonny tau annggawe tato kang katulis 'Winona Forever' sawisé hubungan sakloron mandhek.[1]
Miturut sumber kang ana, Winona tau dikaitaké karo para selebritis, kayata Daniel Day- Lewis, David Duchovny, Val Kilmer, Chris Noth, Jimmy Fallon, lan Christian Slater, uga musisi Conor Oberst (Bright Eyes), Ryan Adams, Evan Dando (the Lemonheads), Adam Duritz (Counting Crows), Franz Hemingbeck, Dave Grohl (Nirvana, The Foo Fighters), Page Hamilton (Helmet), Beck Hansen, Jay Kay, Rhett Miller, Pete Yorn lan John S. Brinkflake.[1]
Babagan ilmu teknologi, Winona Ryder ngaku menawa dheweké ora wani anggoné melu-melu kaya artis-artis liyané kang ora katinggalan jaman.[2] Dheweké wegah anggoné kalibat masalah gedhe amarga teknologi modern iki.[2] Winona Ryder wedi menawa dheweké salah lan dituduh dadianggota Al Qaeda.[2]
Filmography[sunting]
Panghargaan lan nominasi[sunting]
Panghargaan lan nominasi dening Winona Ryder:
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k (id)bografi Winona Ryder dipununduh tanggal 29 Juli 2011
- ^ a b c (id)berita Winona Ryder dipununduh tanggal 29 Juli 2011
- ^ "Welcome". Palm Springs International Film Festival - Shortfest. 2007-08-23. http://www.psfilmfest.org/festival/film/detail.aspx?id=20134&FID=37. Retrieved 2009-03-30.