Kirsten Dunst
| Kirsten Dunst | ||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
Dunst nalika main ning film Marie Antoinette nalika taun 2006. |
||||||
| Asma wiyosan | Kirsten Caroline Dunst | |||||
| Miyos | 30 April 1982 (umur 30) Point Pleasant, New Jersey, Amerika Serikat |
|||||
| Taun aktif | 1989 | |||||
|
||||||
Kirsten Caroline Dunst kondhang uga karo jeneng Kirsten Dunst (lair 30 April 1982; umur 30 taun) yakuwi aktris film Amerika kang anduweni katurunan saka Jerman lan Swedia, jeneng undhangané Kiki, dhuwuré 170 cm, Awit umur telung taunan, dheweké wis sering ning ngarepé kamera.[1] Mula ora heran ning umur kang esih enom dheweké wis dadi model iklan ning stasiun televisi, lan dadi model saka Ford Models lan Elite Model Management.[1] Film pisanan kang dilakoni dening Kirsten yaiku film kang judulé OEDIPUS WRECKS kang diputer ning taun 1989.[1] Film cekak kasebut dadi bagiyan saka antologi NEW YORK STORIES kuwi kasil saka arahan dening Sutradara Woody Allen.[1] Jenengé mulai kondhang nalika dheweké melu ddai pemain pandukung ning salah sijining film kang judulé INTERVIEW WITH THE VAMPIRE nalika taun 1994.[1] Sataun sawisé kuwi, dheweké kapilih ddai bintang kang meranaké tokoh ning film JUMANJI bebarengan karo aktor Robin Williams lan main ning film 50 Most Beautiful People versi majalah People ning taun kang padha.[1] Ananging, meski wis akeh film-film kang dibintangi dening dheweké.[1] Dheweké kondhang amarga meranaké Mary Jane Watson ning sekuel film SPIDER-MAN.[1] Sawisé mbintangi film-film SPIDER-MAN season sak terusé, nganti telung sekuel, Kirsten dikabaraké bakal ngakiri perané dadi Mary Jane Watson, lan bintangi filmé kang anyar yakuwi HOW TO LOSE FRIENDS AND ALIENATE PEOPLE.[1]
Ning kauripan pribadiné Meski Sukses ning karir, Dunst tergolong ora patiya sukses babagan percintaan.[1] Dunst ora tau suwe anggoné pacaran karo siji priya. Dunst tau dikabaraké kalibat hubungan asmara karo Jake Gyllenhaal lan musisi Johnny Borrell.[1] Dheweké uga tau diisukaké anduweni hubungan istimewa karo lawan mainé ing film SPIDERMAN, Toby McGuire.[1] Uga tau digosipaké karo Jeff Smeenge, penulis skenario.[1]
Taun 2010, Dunst bali maneh anggawe gebrakkan ning dunya film, dheweké mbintangi sawijining film arahan Lars von Trier bertajuk MELANCHOLIA.[1] Ning taun 2010, film kang anggawe dheweké kondhang, film Spiderman.[2] Ning sekuel kang kaping papaté, film kasebut ora diarahaké dening San Raimi, Kirsten lan Tobey kang dadi Peter Parker ning film kasebut uga ora bakal ana.[2] Kirsten nyatakaké menawa, sarampungé mbintangi film SPIDERMAN kang kaping teluné dheweké bakal ninggalaké film kasebut.[2]
[sunting] FILMOGRAPHY
[sunting] FILM
Film-film kang tau dibintangi dening Kirsten Dunst[1]: