Wikipedia:Ngrapèkaké artikel
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Ngrapèkna artikel iku tumindak sing diayahi déning para panganggo supaya artikel-artikel Wikipedia sing isih kurang pantes tumrap sawijining artikel ensiklopedia ditambah utawa diowahi saéngga dadi luwih apik, tumata lan ensiklopedis.
Sawijining artikel bisa dianggep 'rapi' yèn:
- wis nduwèni pranala (link) sing gandheng artikel liya sacukupé:
- pranala menyang artikel ing wikipedia basa liya (interwiki)
- pranala tembung-tembung tinamtu menyang artikel liya (nganggo pranala pipa)
- nyaman diwaca lan cukup jelas maksud utawa maknané.
- susunan paragraf sing apik
- susunan basa sing apik
- ora kakèhan campuran basa liya (yèn ana kudu ditulis nganggo aksara italik (aksara miring)
- ora campuran tataran basa ngoko lan basa krama
- nganggo tandha dhiakritik sing bener
- dudu arupa salin lan tèmpèl (copy-and-paste) saka situs liya ( sing minangka palanggaran hak cipta)
- ora ngemu cithakan stub/rintisan. kodene {{stub}}
- diwénéhi kategori tulisan paling sethithik siji. Contoné [[Kategori:budaya Jawa]]
[sunting] Cara wikifikasi
- Carané gampang.
- Kanggo wikifisasi sawijining tembung utawa kumpulan tembung, pasang rong tandha kurung siku bukak [[ lan rong kurung siku tutup ]] ing sajabaning tembung utawa kumpulan tembung sing dimaksud.
- Conto, tembung udan, yèn diketik minangka [[udan]], tembung "udan" bakal dadi bisa diklik kaya iki: udan - lan Panjenengan bisa mirsani informasi ngenani topik udan kasebut.
- Wikifisasi prayogané mung diwènèhaké sepisan marang siji tembung utawa istilah yaiku ing wiwitan artikel utawa sub artikel waé, éndhani pangulangan sabanjuré ing satu artikel utawa sub-artikel.
[sunting] Apa waé sing perlu diwikifikasi?
Sacara umum kita ngwikifikasi:
| No | Katrangan | Sing diketikaké | Asil |
|---|---|---|---|
| 1 | Tanggal, wulan, lan taun | Ulang taun Jakarta sing dipèngeti tanggal [[22 Juni]] [[2006]] dirayakaké kanthi paradhe ondhèl-ondhèl ing dhaérah Sudirman. | Ulang taun Jakarta sing dipèngeti tanggal 22 Juni 2006 dirayakaké kanthi paradhe ondhèl-ondhèl ing dhaérah Sudirman. |
| 2 | Lokasi Klebu jeneng negara, kutha, nganti désa. |
Ulang taun [[Jakarta]] sing dipèngeti tanggal 22 Juni 2006 dirayakaké kanthi paradhe ondhèl-ondhèl ing dhaérah Sudirman. | Ulang taun Jakarta sing dipèngaei tanggal 22 Juni 2006 dirayakaké kanthi paradhe ondhèl-ondhèl ing dhaérah Sudirman. |
| Wikifikasi sacara pepak sing bener yaiku: Ulang taun [[Jakarta]] sing dipèngeti tanggal [[22 Juni]] [[2006]] dirayakaké kanthi paradhe [[ondhèl-ondhèl]] ing dhaérah Sudirman. |
Ulang taun Jakarta sing dipèngeti tanggal 22 Juni 2006 dirayakaké kanthi paradhe ondhèl-ondhèl ing dhaérah Sudirman. |
||
| 3 | Jeneng tokoh lan jabatan | [[Gubernur]] [[Sutiyoso]] ngrawuhi pèngetan ulang taun Jakarta sing dirayakaké ing Monas. | Gubernur Sutiyoso ngrawuhi pèngetan ulang taun Jakarta sing dirayakaké ing Monas. |
| Wikifisasi sacara pepak sing bener: [[Gubernur]] [[Sutiyoso]] ngrawuhi pèngetan ulang taun [[Jakarta]] sing dirayakaké nang [[Monas]]. |
Gubernur Sutiyoso ngrawuhi pèngetan ulang taun Jakarta sing dirayakaké di Monas. |
||
| 4 | Istilah khusus | tulisan [[bold]] yakuwi tulisan kandel sing dadi istilah [[software]] [[pengolah kata]] komputer. | tulisan bold yakuwi tulisan kandel sing dadi istilah software pengolah kata komputer. |
| 5 | Jinis kéwan lan tetanduran | Pakan [[sapi]] yaiku [[suket]]. | Pakan sapi yaiku suket. |
| 6 | Peristiwa | Hanoman dadi maskot ing [['''Sea Games''']] sing dianakaké ing Jakarta taun 1997. | Hanoman dadi maskot ing Sea Games sing dianakaké ing Jakarta taun 1997. |
| Wikifisasi sacara pepak lan sing bener: [[Hanoman]] dadi maskot ing [[Sea Games]] sing dianakaké ing [[Jakarta]] taun [[1997]]. |
Hanoman dadi maskot ing Sea Games sing dianakaké ing Jakarta taun 1997. |
||
| 7 | lan sapanunggalané | Wikipedia ora mbatesi apa waé sing olèh utawa ora olèh diwikifikasi. Bab iki amarga wikifikasi minangka penilaian subjektif editor (penyunting). Kadhang-kadhang, wikifisasi uga diayahi ing istilah-istilah sing manawa asing tumrap wong awam marang topik sing Panjenengan tulisaké.
Conto: istilah peninggalan lan artefak, mbokmenawa diwikifikasi, lan kabèh gumantung marang penilaian Panjenengan minangka penulis lan penyunting. |
|