Sutiyoso
| Sutiyoso | |
|
Gubernur DKI Jakarta ke-12
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 1997 – 2007 |
|
| Wakil | Fauzi Bowo |
| Pendahulu | Soerjadi Soedirdja |
| Pengganti | Fauzi Bowo |
|
|
|
| Lahir | 6 Desember 1944 Semarang |
| Profesi | Purnawirawan TNI |
| Agama | Islam |
Sutiyoso utawa kang nduweni jeneng jangkep Letjen TNI (Purn.) Dr. (HC) H. Sutiyoso lair ing Semarang tanggal 6 Desember 1944 iku politikus lan mantan tokoh militer Indonesia kang tau entuk bintang telu. Sutiyoso iku Gubernur Jakarta sasuwene rong periodhe, mulai tanggal 6 Oktober 1997 nganti tekan 7 Oktober 2007, banjur digantikake Fauzi Bowo kang dadi wakile lan menang Pilkada DKI ing taun 2007. Minangka gubernur, Sutiroso kerep entuk kontroversi nalika ngetokake kebijakan. Kritikan marang proyek angkutan umum busway, proyek pemagaran taman ing kawasan Monumen Nasional (Monas) Jakarta Pusat, lan proyek-proyek liyane. Ing tanggal 1 Oktober 2007 dheweke mara-marakake yen bakalan maju nyalon presidhen Indonesia ing Pemilu Presidhen 2009.
Pendhidhikan lan Latar Wuri[sunting]
Sutiyoso iku anak nomer enem saka wolu paseduluran. Dheweke putrane pasangan Tjitrodihardjo lan Sumini. Sawise lulus SMA ing Semarang nalika taun 1963, Sutiyoso nerusake kuliyah ing Jurusan Teknik Sipil Universitas 17 Agustus. Sutiyoso nrusake ing Akademi Militer Nasional (AMN) ing Magelang kang lulus ing taun 1968 lan pindhah-pindhah tugas ing kesatuan militer. Sutiyoso nikah karo Setyorini ing taun 1974 lan nduwe putri loro, yaiku:
- Yessy Riana Dilliyanti nikah karo Yogie Sandi Nugraha
- Renny Yosnita Ariyanti nikah karo Danindro Anindito