Hak cipta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Hak cipta iku nyawisaké pangagem hak kanggo mbatesi panikelan ora sah seka èksprèsi asli (upamané literatur, film, musik, gegambaran, piranti alus (software), topeng, lan liya-liyané.

Hak cipta iku béda akèh karo wujud liya saka properti intelektual, upamané patèn sing mènèhi hak monopoli kanggo invensi. Hak cipta iku dudu hak monopoli nanging kanggo nyegah wong liya kanggo tumindak sing nerak hak kasebut.

Ing Indonesia, prakara hak cipta ginaris ing Undhang-Undhang Hak Cipta, yaiku Undhang-Undhang Nomor 19 Tahun 2002.

Sajarah Hak Cipta[sunting | sunting sumber]

Konsèp hak cipta ing Indonesia iku tumurun saka konsèp copyright ing basa Inggris. Kawitané, copyright kacipta selaras karo ditemokaké mesin cithakan. Sadurungé mesin [[Guttenberg iku, prosès kanggo nyalin sawijining karya tulisan mbutuhaké tenaga lan béya sing mèh padha gedhéné karo ragad gawé asliné. Mula saka kuwi, para penerbit sing njaluk supaya ana paugeran sing mayungi karya cithakan bisa dikopi, ketimbang para pengarangé.

kawitané, hak monopoli kasebut diwènèhaké langsung marang penerbit kanggo ngedol barang cithakané. Hak kanggo pengarang (penganggit) lagi ana sawisé kabiwarakaké angger-angger copyright ing taun 1710 kanthi Statute of Anne ing Inggris. Angger-angger mau uga ngayomi para konsumèn bisa mardika sawisé prosès dol-tinuku. Paugeran iki uga ngatur hak `´ksklusif sing nyekel copyright, yaiku salawasé 28 taun. Sawisé masa kasebut, karya iku dadi duweke umum.

Konvensi Berne ing taun 1886 sing pisanan ngatur prakara copyright ing antarané negara-negara sing nduwèni daulat. Ing konvènsi iki, copyright kawènèhaké otomatis kanggo karya kréatif lan panganggit ora kudu ndaftaraké. Salebaré sawijining karya kacithak utawa kasimpen ing sawijining medhia, si panganggit otomatis antuk hak èksklusif copyright karyané iku lan uga kanggo karya derivatif nganti si pengarang kanthi blak-blakan mratélakaké sewaliké utawa nganti copyright kasebut kadaluwarsa.

Sejarah hak cipta ing Indonesia[sunting | sunting sumber]

Taun 1958, Perdana Menteri Djuanda mratélakaké Indonesia metu saka Konvensi Berne supaya para intelektual Indonesia bisa antuk paédah saka karyané, cipta lan karsa bangsa manca, tanpa kudu mbayar royalti.

Taun 1994, Pamarèntah Indonesia ngratifikasi Organisasi Perdagangan Dunia (World Trade Organization – WTO), kang sinertanan Prajanjèn Trade Related Aspects of Intellectual Propertyrights - TRIPs (Prakara-prakara sing magepokan karo wisaya HKI). Prakara iki kalakokaké amarga Hak kekayaan intelektual wus dadi piranti ing jagad dol-tinuku ing antarané negara-negara maju. Ing Indonesia, paugeran prakara hak kekayaan intelektual iki kawujudaké liwat Undhang-Undhang Nomer 7 Taun 1994.

Jangka wektu pangayoman hak cipta[sunting | sunting sumber]

Ing Indonesia, jangka wektu pangayoman hak cipta iku katata kaya mangkéné:

  • Hak cipta ciptan:
    • buku, pamflèt, lan kabih karya tulisan liyané;
    • drama utawa drama musikal, tari, koréografi;
    • sakabèhé wujud seni rupa, kaya ta seni nggambar, seni patung, dan seni tatah;
    • seni bathik;
    • lagu utawa musik kanthi utawa tanpa tèks;
    • arsitektur;
    • ular-ular, kuliah pidhato, pranatacara, lan ciptan sabangsané;
    • piranti paraga;
    • péta;
    • tarjamahan, tafsir, saduran, lan bunga rampai;

lumaku salawasé urip pangripta lan terus lumaku nganti 50 (sèket) tauh sawisé pangriptané tilar ndonya. Yèn sing nduwèni wong 2 (loro) utawa luwih, hak cipta lumaku salawasé urip pangriptané paling pungkasan tilar ndonya lan katerusaké 50 (sèket) taun sabubaré.

  • Hak cipta ciptan:
    • program komputer, sinématografi, fotografi, database, karya saka alih wujud sing lumaku salawasé 50 (sèket) taun sawisé kabiwarakaké;
    • Tata wujud karya tulis kang kababar

lumaku salawasé 50 (sèket) taun sawisé kababar pisanan;

Upama hak cipta kasebut duwèké utawa dicekel sawijining badan hukum, hak cipta lumaku lawasé 50 (sèket) taun sawisé kabiwarakaké.

  • Hak cipta sing diduwèni/dicekel Negara adhedhasar:
    • Folklor lan saka kabudayan rakyat sing dadi darbèké bareng-bareng, lumaku tanpa wates wektu;
    • Ciptan sing ora konangan sapa sing nduwèni lumaku 50 (sèket) taun kawit pisanan kababar.

Pranala jawi[sunting | sunting sumber]

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hak_cipta&oldid=883506"