Patèn

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pangkon

Patèn utawi pangkon punika satunggiling sandhangan panyigeging wanda ingkang dipunginakaken wonten ing aksara Jawi Hanacaraka. Ukara ingkang dipun pungkasi mawi patèn/pangkon, tegesipun ukara kalawau sampun purna, sampun dumugi pada (titik). Salajengipun utawi sasampunipun arupi ukara énggal. Saupami ukara: "dipun jagi supados aman". Panulisan "aman" punika, sasampunipun n (=n) lajeng dipun pejahi mawi patèn/pangkon, awit ukara sampun dumugi pada (titik).

Nanging manawi ukara punika dèrèng ngantos pada, pramila anggènipun mejahi inggih nganggé aksaranipun piyambak, nanging aksara salajengipun kedah aksara ingkang ngemu patèn ingkang kagambar wonten ing daftar PASANGAN AKSARA Paten (Javanese script).png. Saupami ukara "dipun jagi supados aman" kalawau, mila "supados" ingkang mejahi s =sa, boten dipun pangku awit ukara dereng purna, pramila "supados", aksara s ingkang pungkasan tetep katulis sa, salajengipun aksara a=ha saking "aman" kedah katulis ha ingkang mawi patèn.

Pasangan aksara Jawa.png

[sunting] Mangga mirsani

[sunting] Pranala jawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Patèn&oldid=408613"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti