Wignyan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wignyan utawi wisargah punika salah satunggiling sandhangan panyigeging wanda ingkang dipunginakaken wonten ing aksara Jawi Hanacaraka. Sandhangan wau arupi tandha wangun kados angka kalih ingkang dipunpasang ing pengkeripun aksara, supados aksara kalawau ungelipun dipun pungkasi kanthi ungel "h". Contonipun: aksara "ga" dipun sukani wignyan ,ungelipun dados "gah".
Ing salebeting standar Unicode versi 5.2 sandhangan wignyan punika arupi kodhe A983[1]
[sunting] Mangga mirsani
[sunting] Rujukan
[sunting] Pranala jawi
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
