Suku (aksara Jawa)
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Suku iku sawjining sandhangan swara jroning aksara Hanacaraka, sing ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena dadi swara /u/. Sandhangan swara suku iki dunungé ing ngisor lan samburiné aksara. Pocapan aksara nglegena sing dipasangi sandhangan iki banjur owah, tuladha aksara nglegena 'ga' sing dipasangi sandhangan wulu dipocapaké 'gu'.
Pasangan aksara uga bisa diwènèhi sandhangan suku, nanging tumrap aksara "ta", "ka" lan "la" yèn diwènèhi sandhangan suku panulisané owah dadi wangun utuh.
Jroning standar Unicode versi 5.2 kodhe sandangan suku iki arupa kodhe A9B8[1]
Deleng uga [sunting]
Rujukan [sunting]
Pranala jaba [sunting]
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||