Wulu (aksara Jawa)
Wulu iku sawjining sandhangan swara jroning aksara Jawa Hanacaraka lan uga ing Aksara Bali, sing ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena dadi swara /i/. Sandhangan swara wulu iki dunungé ing sadhuwuring aksara. Pocapan aksara nglegena sing dipasangi sandhangan iki banjur owah, tuladha aksara nglegena 'ga' sing dipasangi sandhangan wulu dipocapaké 'gi'.
Sandhangan wulu iki uga bisa dikombinasi karo sandhangan panyigeg kayadéné cecak lan layar sahéngga uniné banjur owah dadi "ing" lan "ir". Tuladha panulisan tembung "singkir" sing migunakaké sandhangan campuran wulu lan cecak sarta wulu lan layar : ![]()
Jroning standar Unicode versi 5.2 kodhe sandhangan wulu iki arupa kodhe A9B6[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Wangun
Wangun lan fungsi tandha wulu jroning aksara Jawa mrebawani marang tandha ulu ing aksara Bali. Prabédan mung dumunung ing variasi cara panulisan.
| Aksara Jawa | Aksara Bali | ||
|---|---|---|---|
| Wulu | Wulu melik | Ulu | Ulu sari |
|
|
|
|
|
[sunting] Fungsi lan panggunaan
Aksara Jawa lan Bali arupa aksara abugida, yakuwi saben aksara konsonan ngandhut vokal /a/ lan mbutuhaké tandha vokalisasi kanggo ngowahi vokal kasebut. Wulu utawa ulu ngganti vokal /a/ dadi vokal /i/ ing aksara sing dipasangi. Wulu utawa ulu ditulis ing sadhuwuring aksara sing dipasangi, lan bisa ditulis bebarengan karo tandha sandhangan/pangangge liyané sing kudu ditulis sadhuwuring aksara, contoné layar/surang lan cecak/cecek.
[sunting] Deleng uga
[sunting] Rujukan
[sunting] Pranala jaba
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||